Damêl Soal Ujian Sêkolah Pamulangan Båså Jåwå Adhêdhasar Komputêr.

Pudjastawa, Astrid and Suwarna, Suwarna (2020) Damêl Soal Ujian Sêkolah Pamulangan Båså Jåwå Adhêdhasar Komputêr. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-astrid wangsagirindra pudjastawa-16714251017.pdf

Download (10MB) | Preview

Abstract

Panalitèn mênikå katindakakên kangge ngandharakên cårå damêl soal ujian sêkolah Pamulangan Båså Jåwå adhêdhasar komputêr. Ingkang pêndêkatan kontenipun mligi ing budåyå lan båså Jawa Timuran. Sabên soal dipunlarasakên kaliyan kawontênan siswå wontên ing tataran SMK dipunajab anggènipun nggarap soal langkung gampil. Panalitèn mênikå ngginakakên metodê pêngêmbangan Model Borg & Gall kanthi tataran saking fase pênêlitian pêndahuluan, pêngêmbangan model, såhå pambiji. Model Borg & Gall dumados saking tigang model inggih mênikå konseptual, hipotetis, såhå empiris. Model konseptual dipunbiji déning pårå ahli såhå praktisi. Asiling pambiji minångkå dhasar damel model hipotetis. Model hipotetis dipunbiji déning kêlompok alit satêmah ngasilakên model empiris. Model empiris dipunbiji kanthi uji lapangan. Saking uji lapangan ngasilakên model soal ujian sêkolah Pamulangan Båså Jåwå adhêdhasar komputêr. Asil panalitèn nêdahakên bilih pambiji saking pårå ahli såhå praktisi pikantuk biji saé. Asiling uji kêlompok alit nêdahakên bilih radin-radin biji siswå SMKN 3 Malang wontên ing pre test såhå post test midhak 12,11 utawi 19.86%. Asiling uji lapangan dhumatêng siswå SMKN 3 Malang pikantuk biji radin-radin B (saé). Wujud såhå isininipun soal ing panalitèn mênikå sagêd dados pandom tumrap guru SMK ing laladan Malang.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: ujian sêkolah, penelitian pengembangan, soal ujian adhêdhasar komputêr,
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 04 May 2021 07:13
Last Modified: 04 May 2021 07:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70567

Actions (login required)

View Item View Item