Sarasilah Kanjeng Ratu Pambayun saha Kapribaden Para Pangarsa wonten ing Serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun.

Rianda, Agatia Mega and Nurhayati, Endang (2020) Sarasilah Kanjeng Ratu Pambayun saha Kapribaden Para Pangarsa wonten ing Serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-agatia mega rianda-18714251003.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken sarasilahipun Kanjeng Ratu Pambayun ing naskah serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun saha ngandharaken kapribadenipun para pangarsa Jawi ingkang kawrat wonten ing naskah serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun. Jinisipun panaliten ingkang dipuntindakaken inggih menika panaliten deskriptif. Data ing panaliten inggih menika gatra ingkang nggambaraken sarasilahipun Kanjeng Ratu Pambayun. Kejawi saking menika ugi badhe kababar kapribaden pangarsa Jawi wonten ing serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun. Sumber datanipun inggih menika naskah serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun. Cara ngempalaken data inggih menika kanthi cara panaliten filologi, sujarah saha cara heuristik lan hermeneutik sastra. Caranipun analisis data kanthi cara analisis deskriptif. Cara ngesahaken data ing panaliten menika dipunlampahi inggih kanthi validitas semantik saha triangulasi teori wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten inggih menika sarasilahipun Kanjeng Ratu Pambayun ingkang pranyata taksih tedhak turunipun saking trah Madura saha trah Banyumas sarta kapribaden pangarsa Jawi adhedhasar serat Wulang Reh ing salebeting serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun. Sarasilahipun Kanjeng Ratu Pambayun ingkang kapanggihaken wonten ing serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun inggih menika Kanjeng Ratu Pambayun pranyata taksih tedhak turunipun saking trah Madura saha trah Banyumas. Kanjeng Ratu Pambayun inggih menika putri saking Pakubuwana 7 saha GKR Pakubuwana. Kapribaden para pangarsa adhedhasar serat Wulang Reh ingkang kapanggihaken wonten ing serat Nitik Kangjeng Ratu Pambayun kasebut inggih menika wicaksana, sabar, wasis ing samubarang padamelan, tanggel jawab, asih, adil, tepa salira, saha amanah.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: sarasilah, kapribaden, pangarsa Jawi, Kanjeng Ratu Pambayun
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 04 May 2021 07:10
Last Modified: 04 May 2021 07:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70566

Actions (login required)

View Item View Item