Sari, DIrita Nurnaningsih Pralita and Purwadi, Purwadi (2020) Pamiji Tradhisi Tolak Balak Miterat Budaya Jawi. S2 thesis, Program Pascasarjana.
|
Text
tesis-dirita nurnaningsih pralita sari-17714251015.pdf Download (4MB) | Preview |
Abstract
Ancasipun panaliten inggih punika kangge mangretosi tata cara, ubarampe, saha nilai-nilai budaya ing tradhisi tolak balak kulawarga ing dhusun Garongan Kembang, Wonokerto, Turi, Sleman, Yogyakarta. Panaliten menika ugi paring kawruh supados kabudayan Jawi awujud tradhisi-tradhisi kulawarga menika dipunlestantunaken. Jinisipun panaliten ingkang dipuntindakaken inggih menika panaliten kualitatif. Subjek data ing panaliten inggih menika satunggal kulawarga ing dhusun Garongan Kembang saha objekipun bab tradhisi tolak balak ing kulawarga menika. Cara ngempalaken data inggih menika kanthi cara metode pandom observasi saha pandom wawancara. Data dipunanalisis kanthi cara deskriptif, inggih punika ngandharaken data kanthi cetha. Anggenipun ngesahaken data inggih punika ngginakaken cara validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken inggih punika validitas trianggulasi, wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih punika reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten ing tata cara tradhisi tolak balak ing satunggal kulawarga ing dhusun Garongan Kembang menika wonten tradhisi geblagipun simbah, among- among, bancakan, pakulinan, saha bebaya. Tata cara tradhisi menika dipunlampahi migunakaken ubarampe. Ubarampe ingkang dipunginakaken inggih menika rokok linthingan, toya pethak, toya teh tubruk, toya gendhis jawi, kopi, jenang abrit, jenang pethak, baro-baro, jadah, sekul gudhangan, sekul tumpeng, sarem, janur, dlingo, bengle, kinang, sekar, lsp. Nilai- nilai budaya ingkang dipunjlentreaken kangge panaliten menika inggih menika nilai-nilai budaya manungsa ingkang gadhah gegayutan kaliyan Gusti (Allah), nilai-nilai budaya manungsa ingkang gadhah gegayutan kaliyan alam, nilai-nilai budaya manungsa ingkang gadhah gegayutan kaliyan masarakat, nilai-nilai budaya manungsa ingkang gadhah gegayutan kaliyan sasami, saha nilai-nilai budaya manungsa ingkang gadhah gegayutan kaliyan piyambakipun.
Item Type: | Thesis (S2) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | tradhisi, tolak balak, ubarampe, nilai-nilai budaya, Garongan |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa |
Divisions: | Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa |
Depositing User: | Perpustakaan Pascasarjana |
Date Deposited: | 04 May 2021 07:06 |
Last Modified: | 04 May 2021 07:06 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70565 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |