Kesantuan Tindak Tutur Direktif wonten ing Film Calon Bini

Hakim, Nahrul and Mulyana, Mulyana (2020) Kesantuan Tindak Tutur Direktif wonten ing Film Calon Bini. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-nahrul hakim-17714251013.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika ngandharakan kesantunan tindak tutur direktif wonten ing film Calon Bini. Ancasipun panaliten menika kangge ngandharaken ginanipun tindak tutur, kesantunan tidak tutur direktif, ketidaksantunan tindak tutur direktif, saha pelanggaran maksim kesantunan Leech. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kualitatif. Dhata wonten panaliten menika awujud tuturan direktif wonten ing film saha sumber dhata wonten ing panaliten menika sedaya wicantenan ingkang medalaken kesantuan tidak tutur direktif.Caranipun ngempalaken dhata wonten ing panaliten menika kanthi cara nyemak saha nyerat. Caranipun nganalisis dhata wonten panaliten menika kanthi metode padan pragmatis saha kontekstual. Caranipun ngesahaken dhata wonten panaliten menika ngginakaken validitas semantis saha pirembagan kaliyan ingkang sampun ahli. Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika kanthi nyemak kanthi ajeg. Asiling panaliten menika ngandharaken bilih kesantunan tindak tutur direktif wonten ing film Calon Bini menika kaperang dados sekawan inggih menika (1) ginanipun tindak tutur direktif, (2) kesantunan tindak tutur direktif, (3) ketidaksantunan tindak tutur direktif, sarta (4) pelanggaran maksim kesantunan Leech. Perangan ginanipun tindak tutur direktif menika saged dipunperang malih dados enem ginanipun inggih menika( 1) panyuwunan, (2) pitakenan,(3) mrentah, (4) menging, (5) paring idin, saha (6) paring pitutur. Perangan kesantunan tindak tutur direktif wonten gangsal inggih menika (1) ngginakaken ukara boten langsung, (2) panglembana dhateng lawan rembag, (3) anggadhahi raos sae dhateng lawan rembag, (4) ngginakaken wujud ingkang ngetingalaken boten sarujuk kanthi ukara ingkang sae, saha (5) ngginakaken tembung pakurmatan dhateng lawan rembag. Perangan ketidaksantunan tindak tutur direktif wonten sanga, inggih menika (1) ngginakaken ukara langsung dhateng lawan rembag,(2) panglembana dhateng dhiri panutur, (3) ngandharaken kritik kanthi langsung dhateng lawan rembag kanthi cara kasar, (4) boten saged bedakaken perkawis ingkang wigatos kaliyan guyon, (5) anggenipun ngandharaken kanthi raos nesu, (6) protektif kaliyan pamanggihipun, (7) nyindhir utawi nudhuh dhateng lawan rembag, (8) ngandharaken tuturan boten sae dhateng lawan rembag, saha (9) ngandharaken raos boten sarujuk kaliyan lawan rembag. Pelanggaran maksim kesantunan Leech dipunperang dados enem pelanggaran inggih menika (1) maksim kawicaksanana, (2) maksim kedermawanan, (3) maksim panglembana,(4) maksim andhap asor,(5) maksim pasarujukan, saha (6) maksim simpati.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: Ginanipun Tindak Tutur Direktif, Kesantunan, Ketidaksantunan, Pelanggaran Maksim. Tingkat Tutur Basa Jawa.
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 04 May 2021 07:02
Last Modified: 04 May 2021 07:02
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70564

Actions (login required)

View Item View Item