Konteks Budaya Jawa Tradhisi Ngrimat Pantun wonten ing Desa Kedungsono, Kabupaten Sukoharjo (Perspektif Etnolinguistik).

Setyawati, Meirika Iin and Mulyana, Mulyana (2020) Konteks Budaya Jawa Tradhisi Ngrimat Pantun wonten ing Desa Kedungsono, Kabupaten Sukoharjo (Perspektif Etnolinguistik). S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-meirika iin setyawati-17714251012.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika nggandharaken konteks budaya saha nilai budaya ingkang kaandhut saking satuan lingual tradhisi ngrimat pantun wonten ing Desa Kedungsono, Kabupaten Sukoharjo. Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif kanthi cara pendekatan etnolinguistik. Sumber data wonten ing panaliten menika awujud satuan lingual salebeting tradhisi ngrimat pantun wonten ing Desa Kedungsono. Caranipun ngempalaken data wonten ing salebetipun panaliten menika ngginakaken wawan pirembagan kanthi mendalam, participant observation, saha dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang dipunwastani human instrument kabiyantu mawi kamera, gawai, saha buku kangge nyerat. Caranipun analisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika teknik analisis etnolinguistik. Caranipun ngesahaken data menika ngginakaken triangulasi metode saha triangulasi sumber. Asiling panaliten menika nedahaken bilih kapanggihaken satuan lingual ingkang cacahipun wonten 27. Satuan-satuan lingual ingkang kapanggihaken kaperang adhedhasar konteks budaya-nipun. Ingkang awujud ide/ gagasan utawi angen-angenipun masarakat gunggungipun wonten 6 satuan lingual. Konteks budaya ingkang arupi aktivitas utawi tumindak ingkang dipunlampahi masarakat salebeting prosesi ngrimat pantun gunggungipun wonten 10 satuan lingual. Salajengipun konteks budaya ingkang arupi wujud barang minangka asilipun angen-angen masarakat Desa Kedungsono wonten 11 satuan lingual. Saking ide utawi angen-angenipun masarakat Desa Kedungsono konteks budaya ingkang kapanggihaken inggih menika babagan sistem religi, inggih menika kapitadosan dhateng Allah SWT, para leluhur, saha Mbok Sri. Salajengipun menawi dipuntingali saking aktivitas-ipun, menika nedahaken cara-cara ngrimat pantun ingkang sae, sedekah bumi, saha nggambaraken cara anggenipun manembah dhateng Pangeranipun (Gusti Allah).

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: etnolinguistik, tradhisi, konteks budaya, nilai budaya
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 04 May 2021 06:51
Last Modified: 04 May 2021 06:51
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70562

Actions (login required)

View Item View Item