Stilistika Pragmatik minangka Strategi Kritik Sosial Cakepan Tembang Campursari Anggitanipun Dhimas Tedjo.

Ekawinajeng, Yulita and Suwarna, Suwarna (2020) Stilistika Pragmatik minangka Strategi Kritik Sosial Cakepan Tembang Campursari Anggitanipun Dhimas Tedjo. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-yulita ekawinajeng-17714251003.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Campursari boten namung ngemot endahing lagu, nanging ugi ngemot kritik sosial. Ancasing panaliten menika inggih kangge ngandharaken jinis stilistika pragmatik saha cara kritik sosial wonten ing cakepan tembang Dhimas Tedjo. Panaliten menika kalebet ing panaliten deskriptif kualitatif inggih kanthi objek panaliten arupi cakepan tembang campursari anggitanipun Dhimas Tedjo. Boten sedaya tembang ingkang wonten ing album Dhimas Tedjo dipunteliti, ananging kanthi merang ing kalih tema inggih menika katresnan saha sosial budaya. Pamilihing tema menika adhedhasar tembang ingkang paling dominan wonten ing cakepan campursari anggitanipun Dhimas Tedjo. Cara ngempalaken data kanthi observasi saha wawancara boten terstruktur. Pirantinipun panaliten inggih menika ngginakaken human instrument. Cara nganalisis data ngginakaken reduksi, sajian data, saha dudutan. Anggenipun reduksi data kanthi milah data ing lelewaning basa saha tindak tutur. Reliabilitas data kanthi metode uji ulang supados data tebih saking kalepatan, dene validitas dipunlampahi mawi validitas triangulasi. Asiling panaliten menika bilih Dhimas Tedjo minangka panganggit tembang ingkang variatif kangge ngritik. Jinis stilistika pragmatik ingkang kapanggihaken inggih menika saking segi lelewaning basa entar, pepindhan, parikan, purwakanthi, wangsalan, panyandra, rumpakan, cangkriman, saroja, saha sanepa. Ewodene saking segi tindak tutur kapanggigaken asertif, direktif, komisif, saha evaluatif. Asil cara kritikipun inggih menika (1) ngece, (2) kias, (3) simbol, (4) tegas, (5) langsung, (6) boten langsung, (7) kasar, saha (8) luwes. Cara kritik “ngece” kapanggihaken ing lelewaning basa purwakanthi. Cara kritik “kias” kapanggihaken ing lelewaning basa entar, pepindhan, parikan, wangsalan, sanepa, saha pepindhan. Cara kritik “simbol” kapanggihaken ing lelewaning basa pepindhan, parikan, wangsalan, candra, cangkriman, saroja, saha sanepa. Cara kritik “tegas” kapanggihaken ing lelewaning basa purwakanthi, saroja, tindak tutur asertif, tindak tutur direktif, saha tindak tutur komisif. Cara kritik “langsung” kapanggihaken saking stilistika pragmatik lelewaning basa panyandra, sanepa, rumpaka, tindak tutur asertif, tindak tutur direktif, saha tindak tutur ekspresif. Cara kritik “boten langsung” kapanggihaken ing lelewaning basa parikan, panyandra, rumpakan, tindak tutur direktif, saha tindak tutur ekspresif. Cara kritik “kasar” kapanggihaken ing lelewaning basa pepindhan saha sanepa. Cara kritik “luwes” kapanggihaken ing tindak tutur direktif, asertif, saha ekspresif. Cakepan tembang Dhimas Tedjo kalebet cakepan ingkang endah, kathah tetembungan ingkang sami dipunambali. Bab menika saged dados panaliten salajengipun.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: cakepan, campursari, kritik sosial, stilistika pragmatik. .
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 04 May 2021 06:47
Last Modified: 04 May 2021 06:47
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70561

Actions (login required)

View Item View Item