Variasi Basa wonten ing Cakepan Tembang Hip-hop NDX A.K.A: Kajian Sosiopragmatik.

Julinawati, Nita and Mulyana, Mulyana (2020) Variasi Basa wonten ing Cakepan Tembang Hip-hop NDX A.K.A: Kajian Sosiopragmatik. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-nita julinawati-16714251011.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken jinis variasi basa saha fungsi variasi basa ing salebeting cakepan tembang hip-hop NDX A.K.A kanthi kajian sosiopragmatik. Panaliten menika ngginakaken pendekatan sosiopragmatik, mawi metode deskriptif kualitatif. Sumber data ing panaliten menika inggih menika basa ing album NDX A.K.A. Cara ngempalaken data ngginakaken observasi nonpartisipan mawi instrumen ingkang awujud kartu data. Analisis data ngginakaken teknik analisis deskriptif kualitatif inggih menika kanthi cara reduksi data, nyawisaken data saha ndamel dudutan, wondene cara nyawisaken asiling panaliten menika ngginakaken cara informal ingkang awujud tetembungan. Asil panaliten menika nedahaken bilih jinis variasi basa ingkang wonten ing cakepan tembang menika kadosta campur kode, alih kode, basa gaul, basa kasar, basa Banyuwangen, basa walikan, basa Jawi ragam ngoko lugu, basa Jawi ragam ngoko alus saha basa Jawi ragam krama lugu, wondene fungsi variasi basanipun kadosta fungsi direktif, fungsi ekspresif, fungsi puitik, fungsi informasional, fungsi individu saha fungsi representasi.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: fungsi variasi basa, tembang NDX A.K.A, variasi basa.
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 04 May 2021 05:01
Last Modified: 04 May 2021 05:01
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70559

Actions (login required)

View Item View Item