Kajian Nilai-Nilai Budi Pakarti Wontên ing Layang Sasmitå Titikå såhå Cundhukipun Kaliyan Pêndidikan Karaktêr.

Nugroho, Sigit and Suharti, Suharti (2020) Kajian Nilai-Nilai Budi Pakarti Wontên ing Layang Sasmitå Titikå såhå Cundhukipun Kaliyan Pêndidikan Karaktêr. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-sigit nugroho-16714251009.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten mênikå ancasipun ndhudhah nilai-nilai budi pakarti wontên ing naskah layang Sasmitå Titikå såhå cundhukipun kaliyan 18 Nilai-Nilai Karaktêr miturut Undhang-Undhang No. 20 Tahun 2003 . Metodhê panaliten mênikå ngginakakên Analisis Isi (Content Analysis). Sumbêr dhatanipun naskah layang Sasmitå Titikå koleksi Pêrpustakaam Museum Dewantårå Kirti Griya Tamansiswa Yogyakarta wujud sêratan aksårå Jåwå cithak. Cårå ngêmpalakên dhåtå kanthi unit tematik, ngginakakên sampel bertujuwan. Pirantining panaliten ngginakakên instumen manungså. Keabsahan data kanthi pamaosan ingkang tliti såhå triangulasi. Analisis data katindakakên kanthi cårå kualitatif. Asiling panaliten layang Sasmitå Titikå manggihakên nêm likur nilai-nilai budi pakarti inggih mênikå ;(1) njagi aosing dhiri,(2) njagi sucining dhiri,(3) srêgêp,( 4) jujur/blåkå, (5) sabar, (6) kêndêl, (7) sopan santun, (8) nglênggånå manawi lêpat, (9) taat/patuh,(10) nelakakên raos sukur dhumatêng Gusti,(11) samidene ngormati, (12) têlaten,(13) gêmi,(14) eklas, (15) tanggung Jawab,(16) mandhiri, (17) sêngkud,(18)trêp kaliyan paugêran,(19) bêkti,(20) mêmitran, (21) prasaja, (22) lilå eklas nindakakên pangurbanan,(23) rêmên têtulung, (24) adil,(25) andhap asor, såhå (26) wicaksånå. Nilai budi pakarti mênikå nalikå katandhingakên kaliyan piwucal budi pakarti ingkang kamot wonten naskah sajaman utawi langkung sêpuh prånyåtå gadhah maknå ingkang sami, atêgês piwucal mênikå dipuntampi såhå dipuncakakên dening masarakat sacårå umum såhå lumintir. Nilai-nilai budi pakarti ing layang Sasmitå Titikå mênika salajêngipun katandhingakên kaliyan wolulas nilai-nilai karaktêr saking Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan inggih mênikå: (1) religius,(2) jujur,(3) toleransi, (4) trêp kaliyan paugêran, (5) sêngkud, (6) ngulir budi, (7) mandhiri, (8) dhemokratis, (9) raos kepengin mangêrtos, (10) nasionalisme, (11) trêsnå dhatêng negari, (12) ngaosi asiling kupiyå, (13) mêmitran,(14) trêsnå dhatêng katêntrêman, (15) rêmên maos, (16) pêrduli lingkungan, (17) pêrduli sosial, såhå (18) tanggêl jawab, pranyata wontên cundhukipun. Adhêdhasar gangsal poros ingkang dipunginakakên kangge Penguatan Pêndhidhikan Karaktêr, larasipun nilai-nilai budi pakarti layang Sasmitå Titikå kaliyan wolulas nilai-nilai karaktêr saking Kementrian Pendidikan dan kebudayaan cundhuk wontên ing karaktêr; (1) religius, (2) nasionalis, (3) gotong royong, (4) intêgritas, såhå (5) mandhiri. Implikasi saking asiling panaliten ingkang sêpisan sagêd dados tambahing sêsêrêpan, cêpêngan såhå dipuncakakakên kangge nyêngkuyung pêndhidhikan karaktêr, kaping kalih saged dipunginakakên dening pårå pamaos såhå panaliti sanesipun kangge ndherek nguri-uri såhå nglêstantunakên budåyå minångkå tilaranipun pårå lêluhur.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: nilai-nilai budi pakarti, karaktêr, layang Sasmitå Titikå
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 04 May 2021 02:18
Last Modified: 04 May 2021 02:18
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70557

Actions (login required)

View Item View Item