Realitas Sosiopolitik saha Nilai Profetik salebeting Antologi Geguritan Republik Tegalan (Kajian Sosioantropologi Religi Sastra).

Amalah, Dahlia Nurul and Suwardi, Suwardi (2020) Realitas Sosiopolitik saha Nilai Profetik salebeting Antologi Geguritan Republik Tegalan (Kajian Sosioantropologi Religi Sastra). S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-dahlia nurul amalah-17714251005.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken aspek sosiopolitik kultural saha nilai profetik salebeting antologi geguritan Republik Tegalan mawi perspektif kajian sosioantroplogi religi sastra. Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif kualitatif kangge ngandharaken kedadosan ingkang kapanggihaken kanthi tumata, jumbuh kasunyatanipun, saha premati. Cara maos saha nyathet dipunginakaken kangge ngempalaken data awujud realitas sosiopolitik kultural saha nilai profetik. Cara analisis data ngginakaken analisis isi, inggih menika ngringkes data, mantha data, ngecakaken data, saha damel tafsiran. Panaliten menika dipunsahaken mawi validitas semantik saha validitas referensial, reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Asiling panaliten menika ngecakaken kalih perkawis, inggih menika: (1) perkawis realitas sosiopolitik kultural ingkang awujud (a) kuwasa politik, (b) konflik politik, (c) demokrasi politik, saha (d) korupsi. Salebeting pirembagan kasebat kawrat budaya politik Jawa cara Sengkuni saha budaya politik Jawa cara Semar. (2) nilai profetik ingkang kapanggihaken awujud nilai (a) transendensi, ingkang awujud pepeling pejah, tansah dedonga, tansah dzikir, kapitadosan tumrap kuwasaning Gusti, saha tansah tumindak sabar; (b) nilai humanisasi, ingkang awujud njagi pasedherekan, perduli tumrap rakyat, saha perduli tumrap kulawarga; (c) nilai liberasi awujud perjuangan ngajeni pagesanganing bangsa, tumindak degsiya tumrap kabebasan seni, saha kabebasan pagesangan. Panaliten menika saged mupangat tumrap pagesangan masarakat.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: geguritan, sosiopolitik kultural, nilai profetik
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 03 May 2021 07:19
Last Modified: 03 May 2021 07:19
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70555

Actions (login required)

View Item View Item