Damel Media Pamulangan Maos Wacana Mawi Aksara Jawa Kanthi Basis Adobe Flash Player CS 6 Tumrap Siswa Kelas X SMA.

Saputri, Ines Ika and Suwarna, Suwarna (2020) Damel Media Pamulangan Maos Wacana Mawi Aksara Jawa Kanthi Basis Adobe Flash Player CS 6 Tumrap Siswa Kelas X SMA. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-ines ika saputri-17714251008.pdf

Download (6MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken: (1) tata cara ngrembakakaken media pamulangan maos ukara mawi aksara Jawa kanthi basis Adobe Flash Player CS 6 tumrap siswa kelas X SMA, (2) pambijinipun guru saha siswa babagan kualitas media pamulangan maos aksara Jawa kanthi basis Adobe Flash Player CS 6 tumrap siswa kelas X SMA. Panaliten pangembangan menika ngginakaken model pengembangan miturut Borg and Gall. Tata caranipun inggih menika, research and information collecting, planning utawi ngrantam panaliten, develop preliminary form of product utawi pangrembakaning produk, preliminary field testing utawi Uji coba lapangan sapisan, main product revision utawi revisi asiling uji lapangan sapisan, main field testing utawi Uji coba ingkang langkung wiyar, operational product revision utawi revisi asil uji lapangan. Pambijining produk dipuntidakaken dening ahli materi saha ahli media, guru basa Jawi, saha siswa. Uji coba lapangan sapisan dipuntindakaken dhumateng 2 guru saha 10 siswa. Uji coba ingkang langkung wiyar dipuntindakaken dening 6 guru saha 60 siswa. Data asiling Uji coba dipunpendhet mawi angket lajeng dipun-analisis kanthi deskriptif kuantitatif. Asiling panaliten menika arupi media pamulangan maos wacana mawi aksara Jawa kanthi basis Adobe Flash Player CS 6. Asiling validasi dening dosen ahli materi pikantuk biji 64,50 ingkang kelabet sae sanget. Persentase kelayakan media pikantuk 89,58%, ingkang kalebet layak sanget. Asiling validasi dening pikantuk biji 65,00 ingkang kelabet sae sanget. Persentase kelayakan media pikantuk 85,52%, ingkang kalebet layak sanget. Biji pamanggihipun guru basa Jawi, wonten ing Uji coba ingkang sapisan pikantuk persentase kelayakan 83,75%. Wondene wonten ing Uji coba ingkang langkung wiyar, media menika pikantuk persentase 90,83%. Asil pasarujukanipun siswa wonten ing Uji coba ingkang sapisan pikantuk persentase kelayakan 83,81%. Wondene wonten ing Uji coba ingkang langkung wiyar, media menika pikantuk persentase 85,18%. Saking asiling pambiji menika, saged dipunpundhut dudutanipun bilih media pamulangan maos wacana mawi aksara Jawa kanthi basis Adobe Flash Player CS 6 layak sanget dipunginakaken wonten ing pamulangan basa Jawi.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: damel media pamulangan, maos wacana mawi aksara Jawa kanthi basis Adobe Flash Player CS 6
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 03 May 2021 06:45
Last Modified: 03 May 2021 06:45
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70552

Actions (login required)

View Item View Item