Nilai Moral Jawi wonten Naskah Rifa’iyah Tashrīḥah Al- Muḥtāj.

Anisa, Arifatul and Wibawa, Sutrisna (2020) Nilai Moral Jawi wonten Naskah Rifa’iyah Tashrīḥah Al- Muḥtāj. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-arifatul anisa-17714251009.pdf

Download (23MB) | Preview

Abstract

Ancas panaliten menika kangge (1) ngandharaken deskripsi naskah Tashrīḥah Al- Muḥtāj, (2) ndamel transliterasi saha suntingan teks salebeting naskah Tashrīḥah Al-Muḥtāj, (3) manggihaken nilai moral Jawi salebeting naskah Tashrīḥah Al- Muḥtāj saha gayutipun kaliyan nilai budaya saha karakter bangsa wonten pendidikan. Panaliten menika minangka metode panaliten kualitatif, ingkang ngginakaken teknik analisis konten kanthi pendekatan filologi. Sumber data panaliten menika naskah Tashrīḥah Al-Muḥtāj ingkang ngewrat 25 teks saha kaserat kanthi aksara Arab Pegon. Cara anggenipun ngempalaken data ing panaliten menika ngginakaken pendekatan filologi, inggih menika deskripsi naskah, transliterasi saha suntingan teks. Data dipunanalisis kanthi teknik analsis konten, dene validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik. Wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intra-rater saha inter-rater. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) deskripsi naskah Tashrīḥah Al- Muḥtāj taksih sae saha wetah, seratanipun cetha dipunwaos. (2) Transliterasi saha suntingan teks. Transliterasi teks salebeting naskah Tashrīḥah Al-Muḥtāj dipungarap kanthi ngginakaken transliterasi standar, inggih menika kanthi ngewahi seratan aksara Arab Pegon dhateng aksara Latin adhedhasar ejaan ingkang baku. Suntingan teks ngginakaken metode suntingan standar, sedaya ewah-ewahan salebeting teks kaandharaken ing aparat kritik. (3) Wujud nilai moral ingkang dipunpanggihaken salebeting naskah inggih menika: (a) kawajibaning manungsa dhumateng Gusti; (b) kejujuran, (c) adil; (d) hati nurani, (e) karukunan; saha (f) tanggel jawab. Nilai-nilai kasebut gayut kaliyan nilai pendidikan budaya saha karakter bangsa, inggih menika wonten ing nilai trep kaliyan agami, blaka, dhemokratis, perduli dhateng tiyang sanes, ngurmati saha ngaosi, tresna dhateng katentreman, saha tanggel jawab. Pramila, nilai-nilai moral salebeting naskah Tashrīḥah Al-Muḥtāj saged dipunginakaken minangka acuan saha tuladha pendidikan karakter wonten ing sekolah.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: nilai moral, pendidikan, naskah
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 03 May 2021 04:03
Last Modified: 03 May 2021 04:03
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70541

Actions (login required)

View Item View Item