RAGAM BASA JAWI WONTEN ING CERBUNG RAJAPATI ING PERENG WILIS ANGGITANIPUN KUKUH S. WIBOWO

Putri, Ega Novia (2020) RAGAM BASA JAWI WONTEN ING CERBUNG RAJAPATI ING PERENG WILIS ANGGITANIPUN KUKUH S. WIBOWO. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Ega Novia Putri.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken ragam basa Jawi wonten ing salebeting cerbung Rajapati ing Pereng Wilis anggitanipun Kukuh S. Wibowo. Bab menika ngrembag jinising ragam basa Jawi, fungsi ragam basa, saha ancasing saking ragam basa Jawi. Panaliten menika awujud panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud tuturan saking paraga ingkang ngginakaken jinising ragam basa Jawi adhedasar keformalan saha fungsi ragam basa. Sumber data saking panaliten menika, cariyos sambung wonten ing salebeting kalawarti Panjebar Semangat edisi 17-34, 23 April-20 Agustus 2011, episod 1 dumugi 18 kanthi irah-irahan Rajapati ing Pereng Wilis anggitanipun Kukuh S. Wibowo. Anggenipun ngempalaken data dipuntindakaken dening panaliten kanthi ngginakaken kertu data ingkang dados pirantosipun. Data panaliten dipunkempalaken kanthi ngginakaken teknik maos saha nyerat (cathet). Analisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika analisis deskriptif. Asiling panaliten menika, jinising ragam basa Jawi adhedasar keformalan, fungsi ragam basa, saha ancasing saking ragam basa ingkang kaginakaken wonten ing cariyos sambung Rajapati ing Pereng Wilis. Ragam basa ingkang dipunginakaken inggih menika ragam beku, ragam resmi, ragam usaha, ragam santai, saha ragam akrab. Fungsi ragam basa ingkang dipunginakaken inggih menika fungsi instrumental (meksa, ngyakinaken, prentah, panyuwun, pangajak, saha nyukani pamrayogi), fungsi regulasi, fungsi representasional (mahyakaken kasunyatan, nedahaken kasunyatan, saha ngakoni kasunyatan), fungsi interaksional (sapa aruh, pasarujukan/wangsulan, saha pitakenan), fungsi personal, (raos pasrah, bimbang, manteb, duka, bingung, ajrih, sedhih, jengkel, gumun, umuk, pamer, bingah, kaget, geguyonan, sereng, saha srengen), fungsi heuristik, saha fungsi imajinatif. Pamijining tembung: Ragam basa Jawi, Rajapati ing Pereng Wilis.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Ragam basa Jawi, Rajapati ing Pereng Wilis
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 06:25
Last Modified: 29 Dec 2020 06:25
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69310

Actions (login required)

View Item View Item