KALEPATAN PANGANGGENING BASA JAWI WONTEN AKUN DRAFT SMS UGM APLIKASI LINE JANUARI-MARET 2017

Sabella, Yesria Luthfiananti Nuri (2020) KALEPATAN PANGANGGENING BASA JAWI WONTEN AKUN DRAFT SMS UGM APLIKASI LINE JANUARI-MARET 2017. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Yesria LN Sabella.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten inggih menika kangge ngandharaken kalepatan wonten Akun Draft SMS UGM Aplikasi Line Januari-Maret 2017. Wujudipun kalepatan ingkang dipunrembag ing panaliten inggih menika kalepatan fonologis saha morfologis basa Jawinipun. Mliginipun basa Jawi ngoko ingkang lepat wonten Akun Draft SMS UGM. Panaliten menika minangka panaliten deskriptif. Sumber datanipun awujud Akun Draft SMS UGM wonten Aplikasi Line edisi Januari-Maret 2017. Data panaliten awujud tembung-tembung basa Jawi ingkang ngemu kalepatan ing perangan fonologis saha morfologis ing Akun Draft SMS UGM Aplikasi Line. Basa Jawi ingkang dipunginakaken inggih menika basa ngoko ingkang adatipun dipunginakaken ing basa padintenan. Data dipunkempalaken kanthi cara waos saha cathet lajeng dipunanalisis kanthi teknik analisis deskriptif. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha expert judgment. Teori ingkang dipunginakaken inggih menika teori kalepatan fonologi saha morfologi. Expert judgment ing panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara konsultasi kalihan tiyang ingkang ahli, ahli ingkang dipunkajengaken ing panaliten menika dosen pembimbing Dene reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten nedahaken bilih pesan wonten akun Draft SMS UGM Aplikasi Line menika taksih wonten kalepatan fonologis saha morfologis Basa Jawi. Kalepatan fonologis ingkang dipunpanggihaken inggih menika kalepatan ejaan. Kalepatan fonologis menika gayut kalihan tembung ingkang dipuntambah vokal utawi konsonan, dipunkirangi vokal utawi konsonan, saha panyerating tembung ingkang lepat ejaan vokal utawi konsonan. Dene kalepatan morfologis ingkang dipunpanggihaken inggih menika kalepatan proses pandhapuking tembung inggih menika panyerating ater-ater, panambang, wuwuhan sesarengan ingkang dipunpisah, tembung rangkep ingkang kirang tandha panggandheng saha ingkang dipunringkes ngginakaken angka kalih, saha kalepatan panyerating tembung klitika. Pamijining tembung: panyerating tembung, kalepatan fonologis, kalepatan morfologis.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: panyerating tembung, kalepatan fonologis, kalepatan morfologis.
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 06:24
Last Modified: 29 Dec 2020 06:24
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69309

Actions (login required)

View Item View Item