TINDAK TUTUR INTEROGATIF WONTEN ING NOVEL KUMPULE BALUNG PISAH ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. M.

Rozitasari, Resy (2020) TINDAK TUTUR INTEROGATIF WONTEN ING NOVEL KUMPULE BALUNG PISAH ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. M. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Resy Rozitasari.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah kalih ancas. Ancasing panaliten inggih menika 1) ngandharaken jinising tindak tutur interogatif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A.M 2) ngandharaken fungsinipun ilokusi interogatif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A.M Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A.M. Data saking panaliten menika awujud ukara interogatif. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi migunakaken teknik maos-cathet. Pirantining panaliten menika migunakaken kartu data saha tabel analisis. Caranipun ngesahaken data wonten ing panaliten menika kanthi migunakaken validitas triangulasi teori kanthi jumbuhaken data kaliyan landhesan teori ingkang dipunginakaken. Asiling panaliten menika kaandharaken jinising tindak tutur interogatif saha fungsinipun ilokusi interogatif. Saking sekawan jinis tindak tutur sedaya kalebet fungsi ilokusi ingkang jumbuh kaliyan konteks-ipun. Tindak tutur langsung literal; asertif ngandharaken, dirketif memohon, direktif merecomendasi, ekspresif panuwun, saha ekspresif menyalahkan. Tindak tutur boten langsung literal; asertif caos pamrayogi, asertif sambat, direktif memesan, direktif mrentah, direktif menasehati, ekspresif menyalahkan, komisif menawarkan. Tindak tutur langsung boten literal; Direktif memohon. Tindak tutur boten langsung boten literal; ekspresif menyalahakan. Pamijining tembung: Tindak Tutur, Ilokusi, Interogatif.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Tindak Tutur, Ilokusi, Interogatif
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 07:06
Last Modified: 29 Dec 2020 07:06
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69294

Actions (login required)

View Item View Item