WUJUD SAHA MAKNA NAMA-NAMA DHUSUN WONTEN ING KECAMATAN BANGUNTAPAN

Ashari Miftakhul Huda, Usmar (2018) WUJUD SAHA MAKNA NAMA-NAMA DHUSUN WONTEN ING KECAMATAN BANGUNTAPAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
RINGKESAN.pdf

Download (398kB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngrembag bab pandhapuking nama Dhusun, maknanipun nama Dhusun saha dhasaring paring nama saking nama-nama Dhusun wonten Kecamatan Banguntapan Kabupaten Bantul Daerah Istimewa Yogyakarta. Jinising panaliten inggih menika panaliten kualitatif asipat deskriptif. Data panaliten menika arupi tembung nama Dhusun wonten Kecamatan Banguntapan. Sumbering data panaliten saking dokumentasi saha saking Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Bantul. Cara ngempalaken data kanthi cara observasi, dokumentasi, saha wawancara kaliyan narasumber minangka abdi dalem Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Data dipunanalisis kanthi cara deskriptif. Anggenipun ngesahaken data migunakaken cara validitas triangulasi sumber. Asiling panaliten inggih menika: (1) pandhapuking tembung nama Dhusun saking tembung lingga dados tembung andhahan kanthi pangrimbag wuwuhan; panambang –an saha konfiksasi utawi wuwuhan sesarengan rumaket/tan rumaket n- -an saha ka- -an, pangrimbag camboran wetah saha camboran variasi wuwuhan (-an); (2) maknanipun tembung saking nama Dhusun inggih menika; maknaning nama saking pangaribawa tembung lingganipun, maknaning nama saking pangaribawa ingkang mapan wonten panggenan menika, saha maknaning nama saking pangaribawa kriya lingganipun; (3) dhasaring paring nama Dhusun inggih menika papan panggenanipun, saha nyebutaken memperipun.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 09:11
Last Modified: 07 Oct 2020 09:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69235

Actions (login required)

View Item View Item