DAMEL MEDIA SARASILAH SAHA TITIKANIPUN WAYANG PANDHAWA MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS 6 KANGGE SISWA SD KELAS IV

Puji Lestari, Tri (2018) DAMEL MEDIA SARASILAH SAHA TITIKANIPUN WAYANG PANDHAWA MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS 6 KANGGE SISWA SD KELAS IV. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
SKRIPSI_TRI PUJI LESTARI_14205244017.pdf

Download (20MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah tigang ancas, inggih menika kangge ngandharaken: (1) caranipun damel media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV; (2) kualitas media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas IV minangka pangangge media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (RnD). Panaliten menika kadhapuk saking gangsal cak-cakanipun damel media inggih menika tahap: analisis; perencanaan; damel media; validasi saha uji coba; saha produk pungkasan. Produk pungkasan media menika dipunsuwunaken pambiji dhateng dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi angket pambijining kualitas media. Salajengipun dipuntindakaken pambiji kualitas media ngginakaken angket dening guru basa Jawi sarta pamanggihipun siswa. Wondene caranipun nganalisis data migunakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten nedahaken bilih media menika dipundamel kanthi (1) analisis: katindakaken analisis kurikulum saha analisis kawontenan siswa; (2) perencanaan: katindakaken kanthi damel flowchart saha storyboard; (3) damel media: katindakaken kanthi damel media mawi aplikasi Adobe Flash CS 6; (4) validasi saha uji coba: katindakaken kanthi validasi dhateng dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha uji coba dhateng siswa SD kelas IV; (5) produk pungkasan: katindakaken kanthi revisi media jumbuh kaliyan kasilipun validasi saha ujicoba ingkang sampun dipunlampahi. Validasi kualitas media dening dosen ahli materi menika pikantuk prosentase biji 84,7% ingkang kagolong sae sanget, wondene evaluasi saking dosen ahli media menika pikantuk prosentase biji 77,7% ingkang kagolong sae, saha pambiji kualitas media dening guru basa Jawi menika pikantuk prosentase biji 98% ingkang kagolong sae sanget, wondene asiling angket pamanggih siswa tumrap media menika pikantuk prosentase biji 86,8% ingkang kagolong sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media wulangan sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV saged dipunginakaken minangka sarana kangge proses piwulangan basa Jawi. Pamijining tembung : media, sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa, aplikasi Adobe Flash CS 6

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 09:04
Last Modified: 07 Oct 2020 09:04
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69233

Actions (login required)

View Item View Item