Astuti, Tri (2018) KALEPATAN FONOLOGIS SAHA MORFOLOGIS ING KARANGAN BASA JAWI SISWA KELAS X IPA 1 SMA N 1 PUNDONG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
SKRIPSI_Tri Astuti_13205241060.pdf Download (3MB) | Preview |
Abstract
Ancasipun panaliten inggih menika ngandharaken kalepatan fonologis saha morfologis wonten ing karangan basa Jawi siswa kelas X IPA 1 SMA N 1 Pundong. Jinising panaliten menika kalebet wonten ing panaliten deskriptif. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi tekhnik maos saha nyathet saha kanthi cara wawancara. Cara nganalisis data wonten ing panaliten menika kanthi maos asiling panyerating karangan siswa, reduksi data panaliten, nyatet ugi alih tulis wawancara. Cara ngesahaken data inggih menika kanthi uji validitas saha uji reliabilitas. Asiling panaliten nedahaken kalepatan ing babagan fonologi antawisipun 1) kalepatan babagan silabisasi, 2) kalepatan panyerating ejaan vokal saha utawi konsonan. Kalepatan bidang morfologi antawisipun 1) panyerating tembung wuwuhan ater-ater, panambang saha wuwuhan sesarengan 2) kalepatan babagan tembung camboran. Prakawis ingkang ndayani kalepatan panyerating fonologis saha morfologis antawisipun 1) lepat amargi boten dipunsengaja, 2) amargi nyelarasaken pocapanipun, 3) lepat amargi tembung lingga saha tembung andhahan, 4) interferensi, saha 5) , kerancuan fonem. Pamijining tembung: kalepatan fonologis saha morfologis, karangan basa Jawi.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa Jawa |
Depositing User: | Galang Prastowo |
Date Deposited: | 07 Oct 2020 09:01 |
Last Modified: | 07 Oct 2020 09:01 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69232 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |