DAMEL MEDIA PASINAON KOMIK UNGGAH-UNGGUH ING SEKOLAHAN KANGGE SISWA SMP KELAS VIII KANTHI PENDEKATAN SAINTIFIK

Rachmawati, Rachmawati (2018) DAMEL MEDIA PASINAON KOMIK UNGGAH-UNGGUH ING SEKOLAHAN KANGGE SISWA SMP KELAS VIII KANTHI PENDEKATAN SAINTIFIK. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img] Text
E-Journal .doc

Download (6MB)

Abstract

Panaliten ingkang dipuntindakaken dening panaliti inggih menika kalebet panaliten Research and Development (R&D). Panaliten menika ngandharaken tigang ancas ingkang dipuntinkaken dening panaliti. Ancas wonten ing panaliten inggih menika ngandharaken caranipun damel media pasinaon komik unggah-ungguh ing sekolahan saha ngandharaken pambiji media pasinaon komik unggah-ungguh ing sekolahan dening dosen ahli sarta ngandharaken pambiji saha pamanggih saking guru Basa Jawi tumrap media pasinaon komik unggah-ungguh ing sekolahan. Tataran-tataran ingkang dipuntindakaken dening panaliti inggih menika: (1) studi awal penelitian, (2) desain, (3) pengembangan, saha (4) validasi. Media pasinaon ingkang sampun dados dipunsuwunaken validasi dhateng dosen ahli dumugi pikantuk valiadsi kualitas media ingkang sae. Salajengipun dipunsuwunaken pambiji dhateng guru Basa Jawi. Anggenipun ngempalaken data menika ngginakaken angket. Cara anggenipun nganalisis data inggih menika ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten menika ngandharaken bilih: (1) caranipun damel media pasinaon komik unggah-ungguh ing sekolahan kanthi nindakaken 4 tataran inggih menika: studi awal penelitian katindakaken kanthi analisis kurikulum saha analisis lapangan, desain katindakaken kanthi ngempalaken sumber pustaka, damel flowchart,saha story board, salajengipun inggih menika katindakaken pengembangan inggih menika ngrembakakaken story board kanthi mujudaken dados media pasinaon komik unggah-ungguh ing sekolahan, saha tataran ingkang pungkasan nindakaken validasi inggih menika katindakaken nyuwun pambiji dening dosen ahli kaping kalih, revisi adhedhasar pamrayogi dosen ahli, salajengipun nyuwun pambiji saha pamrayogi saking guru Basa Jawi inggih menika Ibu Pipin Wijiastuti, S. Pd. Media pasinaon menika ugi saged dipunakses wonten internet kanthi mbikak link bit.ly/KomikUnggahUngguh. (2) Asiling pambiji dening dosen ahli ing tataran I pikantuk rerata persentase 92,5%, wonten ing tataran II pikantuk asil rerata persentase 100%, rata-rata persentase mindhak 7,75% amargi panaliti sampun ndandosi adhedhasar saking pamrayogi saking dosen ahli. Asiling pambiji pungkasan dening dosen ahli pikantuk rata-rata persentase 96,25%. (3) Asiling angket pambiji dening guru Basa Jawi SMP Negeri 1 Ngemplak tumrap media komik unggah-ungguh ing sekolahan pikantuk biji 88%. Pamrayogi saking guru basa Jawi inggih menika media komik unggah-ungguh ing sekolahan punika sampun sae amargi wonten kalih jinis, cithak saha elektronik ing internet. Kanthi mekaten saged nggampilaken siswa anggenipun sinau unggah-ungguh. Sarta asiling pambiji pungkasang media pasinaon inggih menika pikantuk 92,12%. Asiling saking pambiji nedahaken bilih media pasinaon komik unggah-ungguh ing sekolahan saged dipunginakaken media pasinaon salebeting piwulangan unggah-ungguh saha media komik saged nggampilaken kangge sinau wonten pundi kemawon.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 07:32
Last Modified: 07 Oct 2020 07:32
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69219

Actions (login required)

View Item View Item