PIWULANG MORAL ING NOVEL MENDHUNG KESAPUT ANGIN ANGGITANIPUN AG SUHARTI

Fadlilah Arumimbang, Oppie (2018) PIWULANG MORAL ING NOVEL MENDHUNG KESAPUT ANGIN ANGGITANIPUN AG SUHARTI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Oppie Fadlilah Jurnal.pdf

Download (327kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken nilai piwulang moral saha cara ngandharaken nilai piwulang moral ing novelMendhung Kesaput Angin anggitanipun Ag Suharti. Cara ngandharaken nilai piwulang moral ing panaliten menika karembag kanthi cara langsung saha boten langsung. Cara langsung utawi eksplisit inggih menika pangripta paring piwulang moral dhateng pamaos awujud deskripsi watak paraga, gineman paraga, amanat langsung saha boten langsung saking cariyos. Cara boten langsung inggih menika dipunlampahi kanthi simbolik saha implisit utawi tersirat. Pangripta ngandharaken piwulang moral boten kanthi cara gampil dipunmangretosi utawi vulgar. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung, ukara, saha paragraf-paragraf. Sumber data-nipun novelMendhung Kesaput Angin ingkang kaangit dening Ag Suharti. Cara manggihaken data menika kanthi teknik maos, nemtokaken unit analisis saha panyeratan data. Unit data dipunperang-perang kanthi trep kaliyan ingkang dipunbetahaken ing panaliten inggih menika jinising piwulang moral saha caranipun ngandharaken piwulang moral. Data-data ingkang gadhah gayutan kaliyan konteks piwulang moral lajeng dipunserat wonten ing kertu data. Data ingkang sampun dipunkempalaken saha dipunserat, dipunperang trep kaliyan piwulang moral. Data asiling pamilahan kalawau lajeng dipunperang miturut nilai-nilai piwulang moral lajeng dipunlebetaken wonten ing tabel. Ing panaliten menika dipunpanggihaken 88 nilai piwulang moral. Nilai piwulang moral sambetipun manungsa kaliyan Gusti ingkang Maha Kuwaos (Memuji dhumateng Gusti, Tansah sukur dhumateng Gusti, Pasrah dhumateng takdiring Gusti, Pasrah dhumateng Kuwaosipun Gusti, Pitados dhumateng Kuwaosipun Gusti), sambetipun manungsa kaliyan sesami (tetulung dhateng sesami kanthi eklas, Empati, Raos welas asih dhateng tiyang sepuh, Setya dhateng setunggal wanodya, Setya dhateng garwa, Nyuwun pangaksama menawi lepat, Tanggel jawab marang tumindakipun, Rumah tangga kajagi karukunanipun, Bekti dhumateng tiyang sepuh, biyantu tiyang sepuh, Tresna dhateng mantu, Tresna dhateng setunggal priya, Ngutamakaken kapentingan tiyang sanes), saha sambetipun manungsa kaliyan dhiri pribadi (Ngakeni tumindakipun lepat, Ngati-ati, Nyambut damel kanthi satuhu, Eklas, Sabar nalika diparingi pacoban, Blaka dhumateng sinten kemawon, Wanadya kedah kiyat nalika ditinggal garwa, Kawin paksa nuwuhaken rumah tangga ingkang boten lestantun).

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 07:21
Last Modified: 07 Oct 2020 07:21
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69215

Actions (login required)

View Item View Item