ANALISIS STRUKTURAL SEMIOTIK CERKAK SRIKANDIKU WONTEN ING ANTOLOGI CARIYOS ‘PANGLIPUR WUJUNG’ ANGGITANIPUN ANY ASMARA

Indriyani, Noviana (2018) ANALISIS STRUKTURAL SEMIOTIK CERKAK SRIKANDIKU WONTEN ING ANTOLOGI CARIYOS ‘PANGLIPUR WUJUNG’ ANGGITANIPUN ANY ASMARA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img] Text
e-journal.rtf

Download (217kB)

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) wujud-wujud unsur intrinsik ingkang ngemot alur, penokohan, latar, saha tema wonten ing cerkak Srikandiku ing antologi cariyos Panglipur Wujung anggitanipun Any Asmara (2) ngandharaken gegayutan unsur-unsur intrinsik (tema, alur, paraga, saha latar) wonten ing cerkak Srikandiku ing antologi cariyos Panglipur Wujung anggitanipun Any Asmara (3) ngandharaken tandha-tandha ingkang awujud ikon, indeks, saha simbol ingkang wonten ing cerkak Srikandiku ing antologi cariyos Panglipur Wujung anggitanipun Any Asmara. Panaliten menika kalebet panaliten struktural semiotik. Data wonten ing panaliten inggih menika (1) unsur-unsur intrinsik saha gegayutan antawisipun unsur intrinsik (2) tandha ingkang awujud ikon, indeks saha simbol. Sumber datanipun inggih menika awujud cerkak ‘Srikandiku’ wonten ing antologi cariyos abasa Jawi ingkang irah-irahanipun “Panglipur Wujung” anggitanipun Any Asmara wedalan taun 1964. Caranipun nganalisis data ngginakaken analisis struktural semiotik cara menika dipunlampahi kanthi cara: ngawontenaken data, pangirangan /Reduksi data saha inferensi. Panaliten menika ngginakaken validitas semantis, salajengipun ngginakaken reliabilitas intrarater. Adhedhasar panaliten menika dipunpanggihaken menawi cerkak ‘Srikandiku’ wonten ing antologi cariyos abasa Jawi ingkang irah-irahanipun “Panglipur Wujung” gadhah alur campuran kanthi gangsal tahapan cariyos inggih menika tahap situation, tahap generating circumstances, tahap rising action, tahap climax saha tahap denuement. Paraga tama wonten ing cerkak inggih menika Pak An, Any Sulastri, Lare Jaler, Lare Setri (Nany), tiga serdadu Inggris, Lare-lare wonten mergi. Latar cariyos cerkak inggih menika Magetan, Mojokerto, Surabaya, Madiun rikala jaman penjajahan Inggris. Pagesangan sosial wonten ing cerkak inggih menika pangesanganipun masarakat ing wilayah Jawa Timur minangka rakyat Indonesia mliginipun bab status sosial, budaya saha perjuanganipun rikala jaman penjajahan Inggris. Unsur-unsur intrinsik wonten ing cerkak menika wonten gegayutanipun ingkang dipuniket kaliyan tema. Tema wonten ing cerkak inggih menika pangurbanan katresnan kanthi latar ing Jaman Penjajahan Inggris. Tandha wonten ing cerkak awujud ikon (ikon topologis, ikon diagramatik, ikon metafora), indeks saha simbol.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 07:04
Last Modified: 07 Oct 2020 07:04
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69210

Actions (login required)

View Item View Item