NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT TEKS PACELATHON UNGGAH-UNGGUH KANTHI NGGINAKAKEN MEDIA POP UP WONTEN KELAS VII D SMP N 3 PAJANGAN

Mahanani, Nofi (2018) NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT TEKS PACELATHON UNGGAH-UNGGUH KANTHI NGGINAKAKEN MEDIA POP UP WONTEN KELAS VII D SMP N 3 PAJANGAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
e-journal nofi.pdf

Download (759kB) | Preview

Abstract

SariningPanaliten Panaliten menika ancasipun kangge ngindhakaken ketrampilan nyerat teks pacelathon unggah-ungguh Jawi kanthi ngginakaken media pop up siswa kelas VII D SMP N 3 Pajangan. Panaliten menika wujudipun panaliten tindakan kelas (PTK)ingkang dipuntindakaken ing SMP N 3 Pajangan. Subjek panalitenipun siswa kelas VII D ingkang gunggungipun 32 siswa. Panaliten menika kasusun saking kalih siklus. Panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara kolaboratif antawisipun panaliti kaliyan guru mata pelajaran basa Jawi SMP N 3 Pajangan. Cara ngempalaken dhata ing panaliten arupi tes praktek nyerat teks pacelathon unggah-ungguh, tes pemahaman unggah-ungguh, observasi, cathetan lapangan, wawanpangandikan, saha dokumentasi. Piranti panaliten menika arupi lembar pengamatan, tes saha pandom wawanrembag. Dhata dipunanalisis kanthi cara deskriptif, Validitas dhata dipuntindakaken mawi validitas proses, validitas demokratis saha validitas dialogis. Reliabilitas dhata dipuntindakaken mawi metode trianggulasi sumber saha trianggulasi metode.Asil panaliten menika nedahaken bilih pasinaon nyerat teks pacelathon unggah-ungguh kanthi ngginakaken media pop up saged ngindhakaken ketrampilan nyerat teks pacelathon unggah-ungguh siswa kelas VII D SMP N 3 Pajangan. Mindhaking asil saged dipunpirsani saking biji rata-rata praktek nyerat teks pacelathon unggah-ungguh siswa saking tahap pratindakan ngantos siklus II. Biji rata-rata praktek ing tahap pratindakan menika agengipun 5,91; wonten siklus I agengipun 7,19; saha ing wonten siklus II menika agengipun 8,83. Dene saking tahap pratindakan ngantos siklus II menika agengipun 2,92 utawi 49,5%. Kejawi saking asil praktek nyerat mindhaking asil ugi saged dipuntingali saking asiling tes pemahaman unggah-ungguh siswa ing tahap pratindakan ngantos siklus II. Biji rata-rata tes pemahaman unggah-ungguh ing tahap pratindakan menika pikantuk 46,88 kasiling; Siklus I pikantuk 62,8 kanthi prosentasil kasil; saha wonten siklus II 88,13. Dene saking tahap pratindakan dumugi siklus II indhakan biji rata-ratanipun 41,25.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 06:54
Last Modified: 07 Oct 2020 06:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69208

Actions (login required)

View Item View Item