MULTILINGUALISME PARA WIRA ANEM ING DHUSUN TURUS, TANJUNG HARJO, NANGGULAN, KULON PROGO, YOGYAKARTA

Febrianto, Nanang (2018) MULTILINGUALISME PARA WIRA ANEM ING DHUSUN TURUS, TANJUNG HARJO, NANGGULAN, KULON PROGO, YOGYAKARTA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img] Text
Nanang Febrianto 14205241046 E-Jurnal.docx

Download (127kB)

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud tuturan multilingualisme saha jinising tuturan multilingualisme para wira anem ing dhusun Turus, Tanjung Harjo, Nanggulan, Kulon Progo, Yogyakarta. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud tuturan-tuturan saking para wira anem ing dhusun Turus. Sumber data wonten ing panaliten menika para wira anem ing dhusun Turus. Caranipun ngempalaken data wonten panaliten menika kanthi cara observasi partisipasi saha wawan rembag. Piranti salebeting panaliten menika migunakaken buku kangge nyerat saha piranti kangge ngrekam. Caranipun analisis data ingkang dipunginakaken inggih menika kanthi cara kualitatif. Caranipun ngesahaken data menika ngginakaken uji validitas pananda adhedhasar teori multilingualisme dene uji reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi teori. Asiling panaliten menika ngandharaken basa ingkang dipunginakaken, wujuding tuturan multilingualisme saha jinising tuturan multilingualisme. Basa ingkang dipunpanggihaken inggih menika basa Jawi, basa Indonesia, basa Inggris, basa Jerman saha basa Arab. Wujuding multilingualisme ingkang dipunpanggihaken inggih menika campur kode, alih kode saha interferensi. Jinising multilingualisme ingkang dipunpanggihaken inggih menika: (1) multilingualisme dini, (2) multilingualisme late, (3) multilingualisme alamiah, (4) multilingualisme sekunder, (5) multilingualisme majemuk, (6) multilingualisme koordinatif, (7) multilingualisme balanced (8) multilingualisme dominan, (9) multilingualisme aktif.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 06:42
Last Modified: 07 Oct 2020 06:42
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69206

Actions (login required)

View Item View Item