LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN NOVEL PAK DJENGGOT TILAS HEIHO ANGGITANIPUN ANY ASMARA SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA

Fifi K. N. E., Mayapraba (2018) LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN NOVEL PAK DJENGGOT TILAS HEIHO ANGGITANIPUN ANY ASMARA SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
JURNAL MAY (Autosaved).pdf

Download (270kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken latar sosial budaya ingkang wonten salebeting novel Pak Djenggot Tilas Heiho saha kawontenan sosial budaya masyarakat Indonesia ingkang kagambaraken wonten novel Pak Djenggot Tilas Heiho. Panaliten menika ngginakaken pendekatan sosiologi sastra. Objek ingkang dipunkaji inggih menika sedaya data ingkang wonten salebeting novel Pak Djenggot Tilas Heiho ingkang gayut kaliyan latar sosial budaya. Sumber data primeripun inggih menika novel Pak Djenggot Tilas Heiho anggitanipun Any Asmara ingkang kawedalakendeningPenerbit C. V. Dua “A” Jogjakarta taun 1968. Teknik ingkang dipunginakaken inggih menika teknik maos saha nyerat. Caranipun ngesahaken data dipunpanggihaken mawi uji validitas referensial awujud rujukan-rujukan saha uji reliabilitas intrarater inggih menika ngambali analisis tumrap novel Pak Djenggot Tilas Heiho kangge manggihaken data ingkang konsisten. Salajengipun data dipunanalisis kanthi deskriptif interpretatif amargi datanipun awujud data verbal ingkang mbetahaken andharan mawi deskriptif. Asilingpanaliten nedahaken bilih data latar sosial budaya wonten novel Pak Djenggot Tilas Heiho kaperang dados 7 prekawis, inggih menika: (a) religiusitas ingkang inggil salebeting novel Pak Djenggot Tilas Heiho, (b) organisasi sosial ingkang ngrembaka salebeting masyarakat, (c) kawruh saha kaprigelan anggenipun nganalisa prekawis, (d) wujud basa ingkang dipunginakaken, (e) kesenian ingkang adiluhung, (f) pakaryan wonten masyarakat desa, saha (g) pirantos ingkang dipunginakaken masyarakat. Kawontenan masyarakat Indonesia ingkang dados latar wonten novel Pak Djenggot Tilas Heiho inggih menika: (a) kawontenan Heiho (b) kawontenan kesenian lagu krontjong, (c) kawontenan jinis alat musik, saha (d) kawontenan pakaryan. Adhedhasar panaliten menika saged dipunpundhut dudutanipun bilih Any Asmara anggenipun ngripta novel Pak Djenggot Tilas Heiho mundhut latar kawontenan sosial budaya masyarakat Indonesia wetawis taun sasampunipun perang donya ingkang kaping kalih minangka kawontenan ingkang ndhasari lampahing cariyos salebeting novel Pak Djenggot Tilas Heiho.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 05:48
Last Modified: 07 Oct 2020 05:48
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69200

Actions (login required)

View Item View Item