UPACARA ADAT “SADRANAN” WONTEN ING HUTAN ADAT WONOSADI, DHUSUN SIDOREJO, BEJI, NGAWEN, GUNUNGKIDUL

Amelia, Maya (2018) UPACARA ADAT “SADRANAN” WONTEN ING HUTAN ADAT WONOSADI, DHUSUN SIDOREJO, BEJI, NGAWEN, GUNUNGKIDUL. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-JOURNAL.pdf

Download (466kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukanipun, tatacara saha makna simbolik sesaji Upacara Adat Sadranan sarta paedahipun Upacara Adat Sadranan kangge warga Dhusun Sidorejo.Panaliten menika ngginakaken metode panaliten kualitatif budaya. Caranipun ngempalaken data, panaliti ngginakaken carawawancara mendalam, observasi partisipatif, saha dokumentasi. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken panaliten inggih menika teknik analisis induktif.Caranipun ngesahaken data, supados data saged dados kredibilitas ngginakaken triangulasi tekniksaha sumber. Asiling panaliten menika nedahaken menawi : (1) mula bukanipun Upacara Adat Sadranan dipunwiwiti abad ke- XVIII, saben setunggal taun sepisan bibar panen dinten Senen Legi utawi Kemis Legi. Upacara Sadranan ancasipun kangge ngucap sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, sarta kangge ngurmati leluhur namanipun Ki Onggoloco minangka tiyang ingkang rikala semanten mbekta kamakmuran ing Dhusun Sidorejo. (2) lampahan Upacara Adat Sadranan, kaperang dados gangsal, inggih menika damel sesajen, sambatan resik sendhang, Upacara Adat Sadranan wonten Sendhang Duren saha wonten Hutan Adat Wonosadi, sarta pagelaran seni Gejog Lesung. (3) maknasimbolik Upacara Adat Sadranan inggih menika kangge nyuwun kaliyan para leluhur supados Dhusun Sidorejo dados dhusun ingkang ayem tentrem. (4) paedahipun Upacara Adat Sadranan inggih menika, kangge nguri-uri budaya Jawi, ngraketaken guyub rukun warga, kangge nyuwun katentreman saha kaslametan Dhusun Sidorejo, saha sedaya warga saged nyinau sejarah Hutan Adat Wonosadi sarta nyinau seni ingkang wonten ing Dhusun Sidorejo.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 05:40
Last Modified: 07 Oct 2020 05:40
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69199

Actions (login required)

View Item View Item