RESEPSI PAMAOS TUMRAP CERKAK DHOKTER JAGAD ANGGITANIPUN KUSWAHYO SS RAHARJO

Nabilah, Maratun (2018) RESEPSI PAMAOS TUMRAP CERKAK DHOKTER JAGAD ANGGITANIPUN KUSWAHYO SS RAHARJO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-JOURNAL SKRPS.pdf

Download (486kB) | Preview

Abstract

Ancasipun panaliten menika wonten kalih, inggih menika kangge ngandharaken resepsi mahasiswa wonten aspek tema, fakta cariyos (alur, panggaraping paraga, saha latar), sarta horison harapan mahasiswa tumrap cerkak Dhokter Jagad anggitanipun Kuswahyo SS Raharjo. Panaliten menika kalebet panaliten eksperimental. Subjek wonten panaliten menika inggih 20 mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2014. Cara nemtokaken sampel kanthi cara random sampling. Cara ngempalaken data ngginakaken kuesioner terbuka saha kuesioner tertutup. Keabsahan data dipunmangretosi saking validitas konstruk (expert judgement). Koefisien reliabilitas-ipun 0,643. Teknik analisis data wonten panaliten menika ngginakaken teknik analisis deskriptif kualitatif saha kuantitatif. Asiling panaliten menika nedahaken menawi: (1) mahasiswa paring pamanggih saha pambiji tumrap sakawan aspek (tema, alur, panggaraping paraga, saha latar) wonten kuesioner terbuka saha tertutup. (a) aspektema, mahasiswa kathah-kathahipun gadhah pamanggih menawi tema wonten cerkak menika unik kanthi pawadan boten asring wonten ing cerkak sanesipun; (b) aspekalur, saperangan ageng mahasiswa nedahaken menawi alur cerkak menika sae saha cetha kanthi pawadan gampil dipunmangretosi; (c) aspek panggaraping paraga, kathah-kathahipun ngandharaken menawi paraga wonten cerkak menika sae kanthi pawadan saged narik emosi pamaos lumantar pacelathon ing antawisipun paraga; saha (d) aspek latar, saperangan ageng mahasiswa ngandharaken menawi latar cerkak menika narik kawigatosan pamaos kanthi pawadan latar wonten cerkak menika prasaja, cetha, saha ringkes. (2) Adhedhasar horison harapan, Latar belakang pendidikan pamaos inggih menika mahasiswa program studi Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2014.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 05:33
Last Modified: 07 Oct 2020 05:33
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69198

Actions (login required)

View Item View Item