KONFLIK SOSIAL WONTEN ING NOVEL DOKTER WULANDARI ANGGITANIPUN YUNANI

Agustina, Lela (2018) KONFLIK SOSIAL WONTEN ING NOVEL DOKTER WULANDARI ANGGITANIPUN YUNANI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img] Text
jurnal lela.docx

Download (40kB)

Abstract

Pamaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud konflik social wonten ing novel Dokter Wulandari anggitanipun Yunani . Salajengipun kangge ngandharaken pawadan ingkang murugaken konflik saha ngandharaken cara paraga anggenipun mungkasi konflik wonten ing novel Dokter Wulandari.Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kanthi pendekatan sosiologi sastra.Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika novel Dokter Wulandari anggitanipun Yunani.. Piranthining panaliti menika kanthi paneliti piyambak mawi kertu data minangka panaliti pendukung.Cara ngesahaken data kanthi validitas semantic ingkang dipunambali teras tumrap data.Wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intrarater.Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipun-analisis mawi analisis deskriptif.Asiling panaliten menika wujud konflik social antawisipun boten ajrih, duka, pameksan, padudoan, boten purun blaka, saha boten saged nampi kahanan. Pawadan ingkang murugaken antawisipun inggih menika tiyang sepuhipun Rudy boten sarujud kaliyan Wulandari, Bu Sosro boten purun blaka, Wulandari boten purun biyantu Bu Sosro, Wulandari ngancem Bu Sosro lan sapanunggalanipun. Salajengipun wonten cara mungkasi konflik social antawisipun inggih menika Sregep, meksa, legawa, teguh pendirianipun lan sapanunggalanipun. Saking asiling panaliten menika saged kapanggihaken bilih konflik social menika perkawis social saking karya imajiner ingkang ndadosaken karya menika saged narik kawigatosan pamaos.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 04:56
Last Modified: 07 Oct 2020 04:56
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69193

Actions (login required)

View Item View Item