Hamida, Lathifah (2018) UKARA GOTHANG WONTEN NOVEL ASTIRIN MBALELA ANGGITANIPUN PENI (SUPARTO BRATA). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
e-Jurnal_Lathifah Hamida_14205244011.pdf Download (645kB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken ukara gothang wonten Novel Astirin Mbalela Anggitanipun Peni (Suparto Brata). Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken wujud ukara gothang, cakriking ukara gothang, saha kalenggahaning tembung ing ukara gothang wonten Novel Astirin Mbalela Anggitanipun Peni (Suparto Brata). Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data inggih menika teknik maos saha teknik nyathet. Data wonten panaliten menika awujud sedaya ukara gothang ing salebeting Novel Astirin Mbalela Anggitanipun Peni (Suparto Brata). Pirantining panaliten inggih menika tabel analisis ingkang dipunbiyantu kertu data saha human instrument. Cara kangge nganalisis data inggih menika kanthi tabulasi, reduksi, saha inferensi. Kangge ngesahaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas data triangulasi teori utawi validitas kangge ngecek bilih data asiling panaliten menika sampun pener kanthi cara nandhingaken data kaliyan teori-teori ingkang dipunginakaken. Wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten wujud ukara gothang ing Novel Astirin Mbalela Anggitanipun Peni (Suparto Brata) menika wonten sekawan inggih menika ukara gothang tanpa jejer, ukara gothang tanpa wasesa, ukara gothang tanpa jejer wasesa, saha ukara gothang tanpa fungsi. Cakriking ukara gothang wonten Novel Astirin Mbalela Anggitanipun Peni (Suparto Brata) wonten pitu inggih menika ukara pitaken, ukara pakon, ukara pangajak, ukara upama, ukara pangarep-arep, ukara pawarta, saha ukara seruan. Kalenggahan tembung ing ukara gothang ing Novel Astirin Mbalela Anggitanipun Peni (Suparto Brata) wonten tigalikur. Wondene ing ukara gothang tanpa fungsi boten wonten kalenggahan tembungipun. Pamijining Tembung : Ukara Gothang, Novel Astirin Mbalela
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa Jawa |
Depositing User: | Galang Prastowo |
Date Deposited: | 07 Oct 2020 04:44 |
Last Modified: | 07 Oct 2020 04:44 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69192 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |