KOLOKIAL WONTEN ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN CAK DIQIN

Indriyani, Fitriya (2018) KOLOKIAL WONTEN ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN CAK DIQIN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-Journal Indri fix.pdf

Download (549kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin. Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken satuan lingual kolokial, panandha kolokial, saha fungsi kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin.Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud sedaya tuturan salebeting tembang campursari anggitanipun Cak Diqin. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data inggih menika teknik nyemak saha teknik nyathet. Kangge ngesahaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas semantis saha konteks tutur. Wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas.Asiling panaliten satuan lingual kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin menika wonten sekawan inggih menika kolokial satuan lingual tembung, kolokial satuan lingual frasa, kolokial satuan lingual klausa, saha kolokial satuan lingual ukara. Panandha kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin wonten sekawan inggih menika tuturan-tuturan ingkang ngandhut idiom, satuan lingual ingkang boten sampurna utawi tembung-tembung ingkang dipunwancah, basa pisuhan, saha tembung lok. Kolokial kasebut minangka salah satunggaling variasi basa informal ingkang dipunginakaken salebeting masarakat. Variasi basa gayutipun kaliyan fungsinipun kolokial menika dipunsinauni ngginakaken ngelmi sosiolinguistik. Fungsi kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin wonten gangsal inggih menika emotif, konatif, referensial, puitik, saha fatik. Pamijining Tembung: kolokial, cakepan tembang campursari, Cak Diqin Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin. Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken satuan lingual kolokial, panandha kolokial, saha fungsi kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin.Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud sedaya tuturan salebeting tembang campursari anggitanipun Cak Diqin. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data inggih menika teknik nyemak saha teknik nyathet. Kangge ngesahaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas semantis saha konteks tutur. Wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas.Asiling panaliten satuan lingual kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin menika wonten sekawan inggih menika kolokial satuan lingual tembung, kolokial satuan lingual frasa, kolokial satuan lingual klausa, saha kolokial satuan lingual ukara. Panandha kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin wonten sekawan inggih menika tuturan-tuturan ingkang ngandhut idiom, satuan lingual ingkang boten sampurna utawi tembung-tembung ingkang dipunwancah, basa pisuhan, saha tembung lok. Kolokial kasebut minangka salah satunggaling variasi basa informal ingkang dipunginakaken salebeting masarakat. Variasi basa gayutipun kaliyan fungsinipun kolokial menika dipunsinauni ngginakaken ngelmi sosiolinguistik. Fungsi kolokial wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Cak Diqin wonten gangsal inggih menika emotif, konatif, referensial, puitik, saha fatik. Pamijining Tembung: kolokial, cakepan tembang campursari, Cak Diqin

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 05 Oct 2020 05:06
Last Modified: 05 Oct 2020 05:06
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69170

Actions (login required)

View Item View Item