MEDIA PASINAONPOP UP BOOK DONGENG SATO KEWAN(FABEL) KANGGE SISWA KELAS II SD

Hermaning Putri, Dyas (2018) MEDIA PASINAONPOP UP BOOK DONGENG SATO KEWAN(FABEL) KANGGE SISWA KELAS II SD. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-JOURNAL Dyas.pdf

Download (842kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah tigang ancas, inggih menika kangge ngandharaken: (1) caranipun damel media pasinaon pop up book dongeng sato kewan (fabel) kangge siswa kelas II SD, (2) pambijining kualitasmateri saking dosen ahli materi saha kualitas media saking dosen ahli media babmediapasinaon dongeng sato kewan (fabel)saha(3)pamanggihipun guru basa Jawi saha para siswa kelas II tumrap media pasinaon pop up book dongeng sato kewan (fabel) kangge siswa kelas II SD. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D). Panaliten menikakadhapuk saking gangsal tataran inggih menika tataran: analisis, desain, pengembangan, implementasi, saha evaluasi.Produk media menika dipunsuwunaken biji saha evaluasi dhateng dosen ahli materi saha dosen ahli media mawitataranvalidasi ngantos pikantuk kualitas media ingkang sae saha layak kangge uji coba wonten ing sekolah.Salajengipun dipuntindakaken pambiji kualitas media dening guru basa Jawi sarta pamanggihipun siswa. Carangempalaken data migunakaken angket, wondene cara nganalisis data migunakaken analisis deskriptif. Asilingpanaliten nedahaken bilih media menika dipundamel kanthi (1) analisis: katindakaken kanthi analisis kurikulum sahaanalisis kabetahan siswa; (2) desain: katindakaken kanthi damel flowchart saha story board; (3) pengembangan: katindakaken kanthi damel buku pop upmigunakaken teknik manual saha teknik komputer, validasi dosen ahli materi saha media, lajeng revisi produk; (4)implementasi: katindakaken kanthi uji cobadhateng siswa SD kelas II;(5) evaluasi: katindakaken kanthi nganalisis dhataingkang sampun dipunkempalaken sasampunipun uji coba kangge mangretosi kualitas media.Validasi kualitas media dening dosen ahli materi menika pikantuk persentase88% ingkang kagolong sae sanget, wondene evaluasi saking dosen ahli mediamenika pikantuk persentase80% ingkang kagolong sae,saha pambiji kualitas media dening guru basa Jawi menika kagolong sae sanget kanthi pikantuk rata-rata persentase95%, wondene asiling angket pamanggih siswa tumrap media ingkang dipunginakaken kangge uji coba menikapikantuk rata-rata persentase92% ingkang kagolong kategori sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahakenbilih media pasinaon pop up book dongeng sato kewan (fabel) kangge siswa kelas II SDsaged dipunginakaken minangkasarana pasinaon wonten salebeting pamulangan basa Jawi.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 05 Oct 2020 04:21
Last Modified: 05 Oct 2020 04:21
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69165

Actions (login required)

View Item View Item