DAMEL E-LEARNING NYEMAK PAWARTOS BASA JAWI KANGGE MEDIA PASINAON SISWA KELAS VIII SMP

Yunanto, Dika (2018) DAMEL E-LEARNING NYEMAK PAWARTOS BASA JAWI KANGGE MEDIA PASINAON SISWA KELAS VIII SMP. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-Journal_Karya_Ilmiah_TTD.pdf

Download (449kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas (1) ngandharaken caranipun damel media E-Learning nyemak pawartos basa Jawi, (2) ngandharaken pambiji kualitas media saking dosen ahli media saha dosen ahli materi, (3) ngandharaken pamanggihipun media saking guru saha siswa. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D). Produk ingkang dipunasilaken inggih menika E-learning. Asiling validasi media dipunandharaken kanthi deskriptif. Asiling panaliten menika nedahaken (1) damel media pasinaon menika nglampahi tataran analisis kabetahan, tataran desain media, tataran damel media, tataran validasi saha ujicoba, saha damel produk pungkasan; (2) asiling validasi dening dosen ahli materi pikantuk persentase 100% kategorinipun sae sanget, asiling validasi dening dosen ahli media pikantuk persentase 93.33% kategorinipun sae sanget; saha (3) asiling validasi dening guru basa Jawi pikantuk persentase 74% kategorinipun sae, sarta pamanggih siswa pikantuk persentase 83.35% kategorinipun sarujuk sanget. Media pasionaon menika saged dados alternatif pasinaon nalika kelas dipuntilar. Media pasinaon menika dipunginakaken kanthi cara offline saha online mawi www.elearningbasajawi.net.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 05 Oct 2020 04:02
Last Modified: 05 Oct 2020 04:02
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69162

Actions (login required)

View Item View Item