MEDIA PASINAON VIDEO TUTORIAL LANCARAN MAYAR SEWU LAN GUGUR GUNUNG BERBASIS WEB KANGGE MAHASISWA PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

Hasfi Alhazmi, Ahmad (2018) MEDIA PASINAON VIDEO TUTORIAL LANCARAN MAYAR SEWU LAN GUGUR GUNUNG BERBASIS WEB KANGGE MAHASISWA PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ringkesan Ahmad Hasfi Alhazmi 12205241005.pdf

Download (358kB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika, inggih menika: (1) ngandharaken tahap-tahap damel media pasinaon Video Tutorial Lancaran Manyar Sewu Lan Lancaran Gugur Gunung Berbasis Web Kangge Mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa Dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta; (2) ngandharaken kualitas media pasinaon Video Tutorial Lancaran Manyar Sewu Lan Lancaran Gugur Gunung Berbasis Web Kangge Mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa Dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; (3) ngandharaken pamanggihipun Dosen Basa Jawi sarta Mahasiswa babagan media pasinaon Video Tutorial Lancaran Manyar Sewu Lan Lancaran Gugur Gunung Berbasis Web babagan penyajian materi saha tampilan produk. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D). Kanthi tahap analysis, design, development, implementation, sarta evaluation. Produk media menika dipunevaluasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi dumugi pikantuk kualitas media ingkang sae saha layak dipunuji coba wonten ing sekolah. Asiling panaliten nedahaken bilih cak-cakanipun damel media pasinaon kaperang dados gangsal tataran. Tataran ingkang sepisan inggih menika analisis kurikulum, kabetahan Mahasiswa, saha wawancara Dosen. Tataran kaping kalih inggih menika damel design media pasinaon kanthi ngempalaken referensi saha damel Bagan saha Planning Materi. Tataran kaping tiga inggih menika nyuwun validasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media dumugi pikantuk pasarujukan kangge uji coba. Tataran kaping sekawan inggih menika uji coba media pasinaon dhateng sekolah. Tataran kaping gangsal evaluasi media pasinaon. Wondene kualitas media saking dosen ahli materi pikantuk rata-rata presentase biji 82% ingkang kagolong sae sanget. Pambiji kualitas media dening dosen ahlli media pikantuk rata-rata presentase biji 88% ingkang kagolong sae sanget. Wondene pamanggih Dosen Basa Jawi ngengingi leresipun konsep saha kompetensi saha kualitas tampilan media menika pikantuk rata-rata presentase 96% ingkang kagolong sae sanget. Asiling angket pamanggih Mahasiswa tumrap panganggenipun media pasinaon menika saged narik kawigatosan Mahasiswa.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 02 Oct 2020 00:59
Last Modified: 02 Oct 2020 00:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69120

Actions (login required)

View Item View Item