Kapribaden Siswa saha Cara Panggulawenthahipun wonten ing Naskah Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa.

Arini, Bunga Candra Nur and Nurhayati, Endang (2019) Kapribaden Siswa saha Cara Panggulawenthahipun wonten ing Naskah Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
Cover.pdf

Download (2MB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab I.pdf

Download (319kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab II.pdf

Download (732kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab III.pdf

Download (353kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab IV.pdf

Download (2MB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab V.pdf

Download (21kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Daftar Pustaka.pdf

Download (385kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Lampiran.pdf

Download (24MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika katindakaken kangge ngandharaken cak-cakanipun panaliten filologi tumrap naskah Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa, jinis kapribaden siswa saha cara panggulawenthahipun ing teks Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa supados saged dados pandom dening guru anggenipun mucal. Panaliten menika ngginakaken metode kualitatif kanthi pendekatan teori filologi. Metode kualitatif menika kangge ngandharaken naskah saha teks Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa. Wondene pendekatan teori filologi katindakaken tumrap naskah ingkang kaserat mawi aksara Jawa cithak. Sumber data ing panaliten menika inggih naskah Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa. Cara ngempalaken data ngginakaken lampah-lampah filologi inggih menika inventarisasi naskah, deskripsi naskah, mbandingaken naskah, transliterasi, saha suntingan. Teknik baca catat katindakaken kangge manggihaken data bab kapribaden siswa saha cara panggulawenthahipun. Pirantos ngempalaken data menika panaliti piyambak kanthi ngginakaken kartu data. Cara ngesahaken data ngginakaken validitas semantik, reliabilitas intrarater saha interrater sarta triangulasi penyidik. Analisis data ngginakaken teknik analisis isi inggih menika unitisasi, sampling, nyathet data, mahyakaken data, narik inferensi saha analisis. Asil panaliten menika ngasilaken teks Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa ingkang kaserat mawi aksara Latin saha boten wonten kalepatanipun. Kapanggihaken jinis kapribaden siswa inggih menika bingahan, kerasan, sedhihan, sarehan. Cara panggulawenthahipun siswa adhedhasar sipatipun inggih menika siswa bingahan dipungulawenthah kanthi greget, kapribaden kerasan dipungulawenthah kanthi teges, kapribaden sedhihan dipungulawenthah kanthi mangretos saha nyengkuyung, saha kapribaden sarehan dipungulawenthah kanthi sabar. Seserepan ing teks Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa menika saged dados pandom panggulawenthah dening guru anggenipun mucal.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: kapribaden, naskah Dhedhasaraning Wewatekanipun Manungsa, cara nggulawenthah siswa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 08 Jul 2020 04:54
Last Modified: 08 Jul 2020 04:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/68509

Actions (login required)

View Item View Item