Representasi Katresnan wonten ing Novel Katresnan kang Angker Anggitanipun Suparto Brata.

Wulaningrum, Wulaningrum and Endraswara, Suwardi (2019) Representasi Katresnan wonten ing Novel Katresnan kang Angker Anggitanipun Suparto Brata. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
Cover .pdf

Download (1MB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab I.pdf

Download (102kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab II.pdf

Download (334kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab III.pdf

Download (116kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab IV.pdf

Download (536kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Bab V.pdf

Download (112kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Daftar Pustaka.pdf

Download (213kB) | Preview
[img]
Preview
Text
Lampiran.pdf

Download (397kB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken representasi katresnan wonten ing novel Katresnan kang Angker anggitanipun Suparto Brata adhedhasar kajian Sosioantropologi sastra. Panaliten menika kababar kados menika (1) ngandharaken representasi katresnan, (2) ngandharaken sesambetanipun representasi katresnan kaliyan, (3) ngandharaken kapribaden tiyang Jawi, (4) ngandharaken kabudayan kang tuwuh amargi wontenipun katresnan ing novel Katresnan kang Angker anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika kelebet panaliten kualitatif kanthi ngginakaken metode analisis deskriptif. Metode analisis deskriptif dipunginakaken kangge ngandharaken representasi katresnan ing novel Katresnan kang Angker anggitanipun Suparto Brata. Sumber data panaliten menika dipunpendhet saking novel Katresnan kang Angker anggitanipun Suparto Brata ingkang awujud ukara utawi paragraf, wiwit Oktober 2017 dumugi Desember 2018. Cara ngempalaken data kanthi teknik maos saha nyerat. Sedaya data ingkang sampun makempal dipunserat lajeng dipunperang mawi kertu data. Analisis data menika ngginakaken pendekatan sosioantropologi sastra. Cara ngesahaken data ngginakaken teknik validitas ugi reliabilitas, teknik validitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi teori, teknik reliabilitas, teknik reabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten menika kababar kados ing ngandhap menika. (1) Representasi katresnan ingkang wonten ing novel Katresnan kang Angker inggih menika a) tresna paseduluran, b) tresnaning ibu, c) tresna erotis, kaliyan d.) tresna dhiri pribadhi. (2) representasi katresnan menika wonten sesambetanipun kaliyan konflik ingkang wonten ing novel, representasi katresnan ing novel kasebut saget nginggati konflik, ngrampungaken konflik ugi njalari konflik batin saha sosial antawisipun; pameksan, getun, kuciwa, anyel, ugi sarwa mboten kepeneran, (3) kapribaden tiyang Jawi ingkang tuwuh amargi wontenipun cinta persaudaraan inggih menika: a) rila, b) nrima, c) sabar, d) ethok-ethok, e) pekewuh, kapribaden tiyang Jawi ingkang tuwuh amargi wontenipun cinta keibuan inggih menika: a) sabar, b) isin, c.) pekewuh. Kapribaden tiyang Jawi ingkang tuwuh amargi wontenipun cinta erotis inggih menika: a) rila, b) nrima, c) sabar. Kapribaden tiyang Jawi ingkang tuwuh amargi wontenipun cinta diri sendiri inggih menika: a) rila, b) ethok-ethok, (4) kabudayan ingkang tuwuh amargi wontenipun katresnan ing salebeting cariyos, inggih menika: a) wasiat, b) pamit, c) tulung tinulung, d) nyuwun pangapunten, e) sapa aruh, f) tuwe, g) mertamu.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: Representasi katresnan, Katresnan kang Angker, Sosioantropologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 18 Oct 2019 03:10
Last Modified: 18 Oct 2019 03:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/66212

Actions (login required)

View Item View Item