Piwulang Nggayuh Rahayuning Gesang saha Nilai Karakter Wonten ing Serat Gembring Baring

Setiono, Baktya Tri (2018) Piwulang Nggayuh Rahayuning Gesang saha Nilai Karakter Wonten ing Serat Gembring Baring. S2 thesis, UNY.

[img] Text
tesis-baktya-tri-setiono-1574251009.swf

Download (14MB)

Abstract

Panaliten menika ngewrat tigang ancas panaliten. Ancasing panaliten menika kangge: (1) ngandharaken inventarisasi saha deskripsi naskah Serat Gembring Baring, (2) ngandharaken piwulang nggayuh rahayuning gesang wonten ing teks Serat Gembring Baring, (3) ngandharaken nilai karakter salebeting teks Serat Gembring Baring. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kanthi metode analisis isi. Panaliten deskriptif kaginakaken kangge ngandharaken teks Serat Gembring Baring kanthi objektif. Wondene metode analisis isi kaginakaken kangge nliti sumber data panaliten ingkang awujud sumber pustaka, inggih awujud teks utawi tetembungan ing tembang salebeting teks Serat Gembring Baring koleksi Perpustakaan Balai Bahasa, Yogyakarta. Teknik ngempalaken data ing panaliten menika inggih maos saha nyathet data kanthi nindakaken seleksi data utawi reduksi data. Analisis data ngginakaken teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken, inggih menika validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakaken, inggih menika reliabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten menika ngandharaken tigang bab, sapisan inggih menika inventarisasi naskah, inggih wonten sewelas teks Serat Gembring Baring. Deskripsi naskah saha teks Serat Gembring Baring ingkang kaginakaken ing panaliten menika taksih sae saha wetah, seratanipun cetha dipunwaos. Kaping kalih, isining teks Serat Gembring Baring ngewrat piwulang kangge nggayuh rahayuning gesang, inggih gesang ing donya saha ing akherat. Wonten 6 perkawis ingkang kedah dipuntindakaken kangge nggayuh karahayon, inggih menika: 1) kedah kagungan ngelmu; 2) kedah ngudi kawruh ngelmu Jawa saha ngelmu Arab; 3) kedah nindakaken kabecikan; 4) kedah nindakaken kanisthan utawi tumindak awon; 4) kedah tansah dedonga; saha 6) kedah kagungan iman. Tiga, isining teks Serat Gembring Baring ngemot 10 nilai karakter ingkang taksih gayut utawi relevan tumprap gesang padintenan sakmenika. Nilai karakter kasebut inggih menika relijius, jujur, disiplin, kerja keras, demokratis, raos kepengen mangertos, menghargai prestasi, komunikatif, peduli dhateng sosial, saha gadhah raos tanggel jawab.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: rahayu, nilai karakter, Serat Gembring Baring
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 17 Dec 2018 07:17
Last Modified: 09 May 2019 09:09
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/61985

Actions (login required)

View Item View Item