Panyaruwe Prekawis Pawiyatan ing Rubrik Dhat Nyeng Kalawarti Djaka Lodhang (Analisis Wacana Kritis Norman Fairclough

Siswoyo, Sutrisno (2018) Panyaruwe Prekawis Pawiyatan ing Rubrik Dhat Nyeng Kalawarti Djaka Lodhang (Analisis Wacana Kritis Norman Fairclough. S2 thesis, UNY.

[img] Text
tesis-sutrisno-siswoyo-14714251004.swf

Download (10MB)

Abstract

Ancasing panaliten menika inggih menika kangge: (1) kangge ngandharaken prekawis pawiyatan wonten ing RDN KDL adhedhasar kajian AWK Norman Fairclough, saha (2) kangge ngandharaken ancasing panyaruwe bab pawiyatan wonten ing RDN KDL. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kanthi metode analisis wacana kritis. Metode analisis wacana kritis dipunginakaken kangge ngandharaken prekawis pawiyatan saha ancasing panyaruwe dhateng prekawis pawiyatan. AWK Norman Fairclough dipuntindakaken (1) analisis dimensi tekstual, (2) analisis dimensi praktik diskursif, saha (3) analisis dimensi praktik sosial. Sumber data panaliten inggih menika rubrik Dhat Nyeng kalawarti Djaka Lodhang gunggungipun wonten 156 edisi wiwit taun 2015 dumugi taun 2017 ingkang ngewrat prekawis pawiyatan. Cara ngempalaken kanthi cara maos saha nyerat. Data ingkang sampun dipunkempalaken salajengipun dipunserat saha dipunpilah-pilah ing kretu data. Analisis data dipunperang dados sekawan, inggih menika: reduksi data, klasifikasi data, display data, saha damel interpretasi adedhasar pendekatan metode AWK Norman Fairclough. Cara ngesahaken data ngginakaken validitas semantik saha reliabilitas (intrarater saha interrater). Asiling panaliten prekawis pawiyatan inggih menika: (1) prekawis pawiyatan babagan kirang saenipun komitmen Indonesia dhateng legislasi internasional. (2) prekawis pawiyatan babagan kirang saenipun mutu saha daya saing inggih menika: (a) prekawis makro: (i) sistem sekularisme materialistik pawiyatan, saha (ii) kirang saenipun kurikulum. (b) prekawis mikro: (i) kirang saenipun sarana saha prasarana, (ii) kirang saenipun mutu guru, (iii) kirang inggilipun karaharjaning guru, saha (iv) kirang saenipun prestasi siswa. (3) prekawis gayutan antawisipun pawiyatan kaliyan kabetahan masarakat. Ancasing panyaruwe dhateng prekawis pawiyatan inggih menika: (1) PT saged mindhakaken prestasi saha daya saing internasional, (2) sistem pawiyatan ingkang seimbang antawisipun sains kaliyan agami, (3) mindhakipun mutu kurikulum, (4) mindhakipun mutu sarana saha prasarana, (5) mindhakipun mutu guru saha dosen, (6) mindhakipun karaharjaning guru, (7) mindhakipun prestasi siswa, saha (8) njumbuhaken pawiyatan kaliyan kabetahan masarakat.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: panyaruwe, prekawis pawiyatan, Dhat Nyeng, Djaka Lodhang, analisis wacana kritis Norman Fairclough
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 06 Aug 2018 07:43
Last Modified: 09 May 2019 08:52
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/58182

Actions (login required)

View Item View Item