Patrapipun Wanita Nalika Nampi Tumindak Degsiya Dening Garwanipun Wonten Ing Novel Alun Samudra Rasa Anggitanipun Ardini Pangastuti Bn (Kajian Feminis Psikoanalisis Juliet Mitchell)

Fitriana, Tya Resta (2017) Patrapipun Wanita Nalika Nampi Tumindak Degsiya Dening Garwanipun Wonten Ing Novel Alun Samudra Rasa Anggitanipun Ardini Pangastuti Bn (Kajian Feminis Psikoanalisis Juliet Mitchell). S2 thesis, UNY.

[img] Text
tesis-tya-resta-fitriana-15714251003.swf

Download (2MB)

Abstract

Ancasipun panaliten menika kangge ngandharaken patrapipun wanita nalika nampi tumindak degsiya wonten ing novel Alun Samudra Rasa anggitanipun Ardini Pangastuti Bn kanthi kajian feminispsikoanalisis Juliet Mitchell. Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif kualitatif.Metode menika dipunginakaken kangge ngandharaken fakta-fakta ingkang kapanggihaken kanthi sistematis, faktual saha premati. Salajengipun, fakta-faktamenika dipunanalisis kanthi perspektif feminis psikoanalisis Juliet Mitchell. Feminis psikoanalisis Juliet Mitchell dipunginakaken kangge ngandharaken pangrembakanipun kapribaden ingkang dipunpangaribawani dening faktor ketidaksadaran saha konsep kinship system utawi sesambungan paseduluran. Trap-trapanipun pangempalanipun data wonten ing panaliten menika wonten kalih inggih menika; teknik maos saha nyerat. Teknik maos ingkang dipunginakaken inggih metode reading as woman. Data panaliten ingkang sampun dipunpilah-pilah saha sampun fokus dhateng patrapipun wanita, dipunserat wonten ing kertu analisis data. Teknik analisis utawi panintinge data menika dipunperang dados gangsal inggih menika; reduksi data, klasifikasi data, display data, saha damel penafsiran saha interpretasi. Asilipun panaliten menika wonten tiga, inggih menika; 1) wujud patrapipun wanita nalika nampi tumindak degsiya saha 2) prekawis ingkang njalari saha 3) nilai-nilai piwulang wonten ing novel. Wujud patrapipun wanita nalika nampi tumindak degisya wonten ing novel Alun Samudra Rasa wonten pitu inggih menika nundhung, nampik, nudhuh, pegatan, kekerasan fisik, kekerasan psikologis saha nresnani priya sanes kejawi garwanipun. Patrap ingkang dipunketingalaken menika, dipunpangaribawani faktor pola pikir saha faktor kinship system jumbuh kaliyan pamawasipun feminis psikoanalisis Juliet Mitchell.Mijilipun patrap-patrap menika dipunjalari saking faktor pola pikir ingkang wonten gegayutanipun kaliyan faktor ketidaksadaran saha faktor kinship system. Faktor kinship system wonten panaliten caket gegayutanipun kaliyan prekawis pola asuh. Patrap ingkang dipunketingalaken paraga-paraga wanita ing novel menika, nampik tumindak degsiya dening garwanipun nanging kanthi ancas ingkang beda. Bedanipun menika dipunpangaribawa saking prekawis bedanipun pola asuh ingkang samangke ugi badhe paring pangaribawa ingkang beda tumprap pangrembakanipun kapribaden. Wondene, nilai-nilai piwuloang ingkang kaserat inggih nilai kemandirian, wanita utama saha kejujuran.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: bahasa Jawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Users 57 not found.
Date Deposited: 08 May 2017 08:25
Last Modified: 29 Jan 2019 12:21
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/49083

Actions (login required)

View Item View Item