Lelewaning Basa Katresnan wonten ing Serat Damarwulan (Kajian Etnolinguistik)

Utami, Respati Retno (2017) Lelewaning Basa Katresnan wonten ing Serat Damarwulan (Kajian Etnolinguistik). S2 thesis, UNY.

[img] Text
tesis-respati-retno-utami-14714251001.swf

Download (2MB)

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken katrangan bab Serat Damarwulan saha suntingan teks Serat Damarwulan. Panaliten menika ugi badhe ngandharaken lelewaning basa katresnanipun Damarwulan saha garwanipun wonten ing Serat Damarwulan adedhasar kajian etnolinguistik. Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif (qualitative research). Trap-trapanipun ngempalaken data wonten ing panaliten kualitatif menika wonten tiga inggih menika; teknik inventarisasi naskah, teknik pustaka, saha teknik open coding. Serat Damarwulan ingkang dipunserat mawi aksara pegon menika dipuntintingi mawi teori filologi sahingga saged mangertosi kahananipun naskah saha data ingkang gampil dipunwaos. Teknik analisis utawi panintingipun data menika dipunperang dados sekawan inggih menika; reduksi data, klasifikasi data, display data, saha damel penafsiran saha interpretasi. Data ingkang sampun dipunpilah-pilah adedhasar lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun menika saged dipunmaknani ngginakaken teori etnolinguistik. Asilipun panaliten menika wonten enem, inggih menika; 1) Ngandharaken deskripsi naskah Serat Damarwulan; 2) Ngandharaken transliterasi naskah Serat Damarwulan; 3) Ngandharaken suntingan teks naskah Serat Damarwulan; 4) Ngandharaken wujud lelewaning basa katresnan jati wonten ing Serat Damarwulan; 5) Ngandharaken wujud lelewaning basa katresnan balas jasa wonten ing Serat Damarwulan; 6) Ngandharaken analisis lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun ngginakaken teori etnolinguistik. Lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun dipunandharaken lumantar kalih wujud inggih menika panyandra saha wangsalan. Lelewaning basa wonten ing Serat Damarwulan menika nggambaraken katresnan jati saha katresnan amargi balas jasa. Panyandra saha wangsalan menika ugi ngandhut piwucal bab wanita utama. Wanita utama menika ketingal saking paraga Anjasmara ingkang tansah sabar, lila legawa, saha bekti marang garwanipun. Ratu Kencana Wungu ugi dados paraga utama wanita ingkang nggadhahi kalenggahan ingkang istimewa inggih menika simbol kuwasa wanita Jawi. Wanita wonten ing Serat Damarwulan menika boten namung dados kanca wingking ananging nggadhahi kalenggahan istimewa minangka garwa.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: serat Damarwulan, kajian etnolinguistik
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Users 57 not found.
Date Deposited: 13 Apr 2017 01:53
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/48684

Actions (login required)

View Item View Item