Watak saha Ginanipun Tembang Sumĕkar wonten ing Panji Jayalengkara Sunyawibawa CS 104.

Dwiatmojo, Ghis Nggar (2017) Watak saha Ginanipun Tembang Sumĕkar wonten ing Panji Jayalengkara Sunyawibawa CS 104. S2 thesis, UNY.

[img] Text
tesis-ghis-nggar-dwiatmojo-14706251089.swf

Download (2MB)

Abstract

Ancasing panaliten menika kababar kados ing ngandhap menika. (1) Inventarisasi naskah cariyos Panji Jayalengkara (PJ), (2) deskripsi naskah Panji Jayalengkara Sunyawibawa CS 104 (PJS CS 104), (3) alih aksara teks PJS CS 104, (4) suntingan teks PJS CS 104, (5) tarjamahan teks PJS CS 104, saha (6) watak saha ginanipun tembang Sumĕkar wonten ing PJS CS 104. Panaliten menika kelebet jinising panaliten analisis dokumen. Inventarisasi naskah kalampahan kanthi ngempalaken naskah ingkang ngewrat cariyos Panji Jayalengkara wonten ing katalog naskah museum Sonobudoyo, katalog naskah Keraton Yogyakarta, katalog naskah Fakultas Sastra UI, katalog naskah PNRI, katalog naskah Kasunanan Surakarta, katalog naskah Mangkunegaran, saha katalog naskah Pura Pakualaman. Naskah-naskah ingkang sampun dipunkempalaken dipundeskripsekaken kanthi cara interkonten. Objek panaliten menika naskah saha teks PJS CS 104 dipunalih-aksarakaken kanthi cara diplomatik. Sasampunipun dipunalih-aksarakaken, teks lajeng dipunsunting adhedhasar pamanggihipun panaliti saha adhedhasar tetandhingan kaliyan naskah PJS CS 110. Panaliten kalajengaken kanthi narjamahaken saking basa Jawi tengahan dhateng bahasa Indonesia kanthi cara tarjamahan harfiyah. Panaliten dipunpungkasi kanthi madosi watak saha ginanipun tembang Sumĕkar wonten ing PJS CS 104. Asiling panaliten menika kababar kados ing ngandhap menika. (1) Cacahing naskah Panji Jayalengkara ingkang kapanggihaken saking studi katalog inggih menika wonten 48 naskah. (2) Irah-irahanipun naskah menika Panji Jayalengkara Sunyawibawa CS 104 (PJS CS 104). Mboten kapanggihaken panganggitipun naskah. Naskah menika dipunanggit ing keraton Palembang. Teks dipunserat ing antawisipun abad 16 dugi abad 18. (3) Teks dipunserat mawi bahasa Jawi tengahan, aksara Jawa. Teks dipunserat mawi dhapukan tembang. Cacahing kaca naskah wonten 106. (4) Cacahing pada teks PJS CS 104 wonten 656, wondene pupuhipun wonten 24. Cacahing teks ingkang dipunsunting adhedhasar pamanggihipun panaliti wonten 839 gatra. Wondene cacahing teks ingkang dipunsunting kanthi tetandhingan kaliyan CS 110 wonten 126 gatra. (5) Teks PJS CS 104 nyariyosaken raden Jayalengkara, Pangeran Sunyawibawa, ingkang kesah saking Keraton Sunyawibawa dipunkanthi dening ki Sujanma dhateng gunung Pamriyan saha Dipa Parwata kangge ngangsu ngelmu. (6) Watakipun tembang Sumĕkar wonten ing PJS CS 104 inggih menika wicaksana, asih, saha pangajab-ajab. Bilih ginanipun kangge paring piwulang dhateng putra utawi siswa ingkang badhe ngayahi jejibahan agung.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: Watak, ginanipun, Tembang Sumĕkar
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 14 Mar 2017 03:12
Last Modified: 09 May 2019 08:00
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/47930

Actions (login required)

View Item View Item