Filosofi Paraga Wayang Wrekodara Wonten Ing Dakwah Pengajian KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I(Ki Jaka Gara-Gara).

Awalin, Fatkur Rohman Nur (2016) Filosofi Paraga Wayang Wrekodara Wonten Ing Dakwah Pengajian KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I(Ki Jaka Gara-Gara). S2 thesis, UNY.

[img] Text
tesis-fatkur-rohman-nur-awalin-14714251002.swf

Download (3MB)

Abstract

Ancasipun panaliten inggih menika ngandharaken filosofi paraga Wrekodara wonten ing dakwah pengajian KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I (Ki Jaka Gara-Gara). Jinising panaliten inggih menika motode panaliten filsafat sastra. Dhata panaliten tuturan dhalang, sumber dhata transkripsi file video dakwah KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I. Analisis dhata ngginakaken model analisis of saha model analisis for. Keabsahan dhata ngginakaken Validitas semantik dan referensial saha Reliabilitas: Intrarater. Asiling panaliten menika asiling kreatifitas KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I ngginakaken konsep othak-athik mathuk. (1) Paraga wayang Wrekodara dipuntransformasekaken filosofi shalat, proses tasawuf, puncak tasawuf inggih menika makrifatullah. Tasawuf menika wonten sekawan tataran syariat, tarekat, hakikat, saha makrifat. Nama Wrekodara, Putra Wrekodara Raden Antareja saha Raden Antasena, saha pusaka Gada Rujakpolo konsep syariat. Pusaka Kuku Pancanaka konsep tarekat. Lakon Babad Alas Wanamarta konsep hakikat. Lakon Dewaruci konsep makrifat. (2) Konsep shalat menika kados Wrekodara kuat, kukuh, ikhlas nglampahi ibadah, dipunlampahi kanthi ajeg saha saged manggihaken Tirta Prawita Sari usul makrifat dhateng Gusti Allah. Sejatining shalat menika shalat khusuk utawi wustha utawi shalat daim, medianipun manah penghayatan dhateng Gusti Allah. Puncakipun shalat menika makrifatullah, ilmu kasampurnan, ilmu kasunyatan mangertosi keagungan Gusti Allah, dados insan kamil. Shalat ingkang sejati dadosaken tumindak kabecikan (amar makruf nahi munkar) utawi hamemayu hayuning bawana. (3) Konsep sandhangan Wrekodara pancaran ilahiah, nedahaken kamanunggalan ing antawisipun lahir saha batin. Sedaya tumindak Wrekodara menika kados ing sandhangan ingkang dipunagem. (4) Konsep othak-athik mathuk kangge maknai, (a) Nama Wrekodara dipuntegesi mawi makna basa Arab, Raden Werkodara menika lafale saking tembung Warkau tasrifipun rokaa yarkau rukuan fahua rokiun irkaa. Irkak dikias lughowi irkau wawune atob yaiku warkau au ish hadu macane sahadat sapa sira, warkau lan rukua sapa sira, dauran kelawan putrane mangsa langgeng solate isyak subuh luhur asar magrib aja leren selagi durung disolati. (b) Putra Wrekodara dipunmaknai basa Arab, Raden Antasena lafale antasana, Anta kuwi sira, tsana nglakoni solat sunat saha Raden Antareja saka lafal anta rojaa, anta kuwi sira, rojaa pengarep-arep namung ridlo Gusti maha kuwasa. (c) Pusaka Wrekodara inggih menika Gada Rujakpolo dipunmaknai kalih alternatif, inggih menika makna basa Jawi saha makna basa Arab. Gada Rujakpolo makna basa Jawi inggih menika “Pusaka Gada Rujakpolo, gada niku bodem, rujak niku pedes, polo kuwi ndas”. Gada Rujakpolo makna basa Arab “Gada Rujakpolo, ghodan rojaa fa aula, ghodan ki besok, rojaa pangarep-arep, fa aula suwarga sing utama”. Pusaka Kuku Pancanaka dipuntegesi mawi makna basa Jawi “Pusaka Kuku Pancanaka, kuku kukuh, panca lima, naka landhep…”. (d) Dewaruci dipunmakni kalih alternative inggih menika, Dewaruci dipuntegesi mawi makna basa Arab wonten lakon Dewaruci “Dewaruci, ruci kuwi rukhi, rukhi kuwi rukhmu dewe ya ngger...” saha Dewaruci dipunmaknai minangka guru mursyid utawi guru spiritual wonten lakon Babad Alas Wanamarta “Dewaruci guru mursyid, guru mursyid bakal beat, dilok kertune bocah iki supaya cocok kelawan kertune, nek simpati ya telkomsel, nek indosat yo im3, nek kae qodariyah, naqsabandiyah kudu cocok”.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: filosofi, tasawuf, wayang, Wrekodara, dakwah pengajian, Agama Islam
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 17 Nov 2016 03:08
Last Modified: 09 May 2019 07:47
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/43728

Actions (login required)

View Item View Item