Falsafah Hidup Catur Marga Yoga wontên ing Naskah Sêrat Bhagawad Gita

Hartanto, Doni Dwi (2016) Falsafah Hidup Catur Marga Yoga wontên ing Naskah Sêrat Bhagawad Gita. S2 thesis, UNY.

[img] Text
tesis-doni-dwi-hartanto-14715241013.swf

Download (5MB)

Abstract

Ancasing panalitèn mênikå inggih kanggé ngandharakên: (1) cak-cakanipun panalitèn filologi tumrap naskah Sêrat Bhagawad Gita, (2) falsafah hidup Catur Marga Yoga, såhå (3) piwulang Catur Marga Yoga wontên ing naskah Sêrat Bhagawad Gita. Panalitèn mênikå migunakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn kualitatif. Lampahing panalitèn filologi ingkang dipuntindakakên antawisipun inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transliterasi, suntingan såhå terjemahan. Wondéné metode kualitatif kanggé ngandharakên falsafah hidup såhå piwulang saking teks. Sumbêr data panalitèn inggih mênikå naskah Sêrat Bhagawad Gita. Teks ingkang dipuntaliti wontên sakawan teks, inggih mênikå teks Panunggal sarånå Pandamêl (PP), Panunggal sarånå Kawicaksanan (PK), Piwulang Panunggal sarånå Kawruh kang Luhur, tuwin Wêwados kang Luhur (PPKLWL), sartå Panunggal sarånå Bêkti (Panêmbah) (PB). Analisis data dipuntindakakên kanthi analisis deskriptif kualitatif. Wondéné kanggé ngêsahakên data migunakakên validitas semantik såhå reliabilitas intrarater såhå interrater. Asiling panalitèn inggih mênikå. (1) Adhêdhasar cak-cakanipun panalitèn filologi dhatêng naskah Sêrat Bhagawad Gita kaasilakên teks kanthi sêratan aksårå Latin ingkang sampun rêsik saking sadåyå kalêpatan såhå teks mawi båså Indonesia. (2) Falsafah hidup teks PP inggih mênikå (a) tumindak minångkå kawajibaning manungså gêsang, (b) tumindak kanthi ngêkêr påncådriyå såhå nêpsu, (c) ngaturakên kurban dhatêng déwå (yadnya), (d) tumindak tånpå pamrih, (e) tumindak adhêdhasar Tri Guna. Falsafah hidup teks PK inggih mênikå (a) mangrêtosi kamulyaning Gusti, (b) margi panunggal, (c) kawruh bab tumindak, (d) kawruh bab yadnya, (e) kawruhing kawicaksanan. Falsafah hidup teks PPKLWL inggih mênikå (a) kaluhuraning darmå, (b) Gusti minångkå sumbêring sadåyå kawontênan (c) angluhurakên Gusti. Falsafah hidup teks PB inggih mênikå (a) yogi ingkang prayogi, (b) prinsip Bhakti Yoga, (c) trêsnå dhatêng Gusti. (3) Piwulang Catur Marga Yoga antawisipun (a) Karma Yoga minångkå margi panunggal asarånå tumindak kanthi masrahakên sadåyå asilipun dhatêng Gusti, (b) Jñana Yoga minångkå margi panunggal asarånå kawruh kawicaksanan, (c) Raja Yoga minångkå margi panunggal asarånå nindakakên tåpå bråtå, sartå (d) Bhakti Yoga minångkå margi panunggal asarånå bêkti såhå trêsnå dhatêng Gusti.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: falsafah hidup, Catur Marga Yoga, Sêrat Bhagawad Gita
Subjects: Filsafat. Psikologi. Agama > Filsafat
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 08 Aug 2016 07:01
Last Modified: 09 May 2019 07:29
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/39127

Actions (login required)

View Item View Item