KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA)

Krisnawan, Angga Dicky (2015) KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA). S1 thesis, FBS UNY.

[img]
Preview
Text
Annga Dicky Krisnawan_10205244029.pdf

Download (6MB) | Preview

Abstract

WACANA KUMPULAN “KHOTBAH JANGKEP” ING GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA) Angga Dicky Krisnawan NIM 10205244029 SARINING PANALITEN Panaliten menika gadhah kalih ancas: (1) ancas ingkang sepisan, panaliten menika ngandharaken jinisipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting wacana “Khotbah Jangkep” ing GKJ (Gereja Kristen Jawa), (2) ngandharaken fungsinipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting wacana“Khotbah Jangkep” ing GKJ (Gereja Kristen Jawa). Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika wacana kumpulan “Khotbah Jangkep” ing GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013. Data saking panaliten menika awujud data tulis, inggih menika ukara ingkang ngewrat kohesi gramatikal saha leksikal. Cara anggenipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Data dipunanalisis kanthi teknik distribusional saha teknik agih. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi teori. Dene realibilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intrarater saha realibilitas interrater, supados data asiling panaliten menika ajeg saha absah. Adhedhasar asiling panaliten, bilih wacana ”Khotbah Jangkep” wonten sambet rapetipun antawisipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Panaliten menika kaandhareken pangrimbagipun jinis saha fungsinipun panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting “Khotbah Jangkep”. Jinisipun panandha kohesi gramatikal wonten sekawan, inggih menika referensi, substitusi, elipsis, saha konjungsi. Wondene jinisipun panandha kohesi leksikal wonten enem, inggih menika repetisi, sinonimi, antonimi, kolokasi, hiponimi, saha ekuivalensi. Salajengipun inggih menika fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal. Fungsi kohesi gramatikal antawisipun referensi kangge nedahaken satunggaling tiyang (pronomina persona), kangge nedahaken satunggaling wekdal saha papan (pronomina demonstratif), saha kangge nedahaken satunggaling perkawis ingkang mbandhingaken, Substitusi kangge nedahaken unsur pembeda, elipsis kangge efektivitas saha efisiensi panganggening basa, konjungsi kangge panyambung utawi panggandheng antawisipun satuan lingual tartamtu kaliyan satuan lingual sanesipun. Fungsi kohesi leksikal antawisipun repetisi kangge paring tekanan utawi nyethakaken satunggaling perkawis ingkang dipunanggep wigatos wonten salebeting konteks, sinonimi kangge damel variasi ing teks, antonimi kangge nyethakaken gayutaning makna kosok wangsulipun, kolokasi kangge nuntasaken topik, Hiponimi kangge ngraketaken gegayutan antawisipun superordinat kaliyan hiponim, saha ekuivalensi kangge nedahaken sesambetan kesepadanan antawisipun satuan lingual tartamtu kaliyan satuan lingual sanesipun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: KHOTBAH JANGKEP, GKJ (GEREJA KRISTEN JAWA)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 26 Apr 2016 07:14
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/31889

Actions (login required)

View Item View Item