PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO

Wahid, Amirul Nur (2015) PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO. S1 thesis, FBS UNY.

[img]
Preview
Text
Amirul Nur Wahid_10205244017.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

PIWULANG MORAL WONTEN ING CAKEPAN GENDHING DOLANAN WONTEN ING BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN ANGGITANIPUN SRI WIDODO Dening: Amirul Nur Wahid NIM 10205244017 SARINING PANALITEN Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo. Perkawis ingkang badhe dipunandharaken inggih menika, (1) Wujudipun piwulang moral, (2) Jinising piwulang moral, saha (3) Caranipun ngandharaken piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo. Panaliten menika ngginakaken cara panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud tembung, frase, lan tetembungan saklebetipun cakepan gendhing. Sumber data panaliten menika saking cakepan gendhing dolanan ingkang wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo. Data panaliten menika dipunkempalaken kanthi cara maos makaping-kaping cakepan tembang dolanan. Sasampunipun maos cakepan, lajeng nyerat data. Data dipunanalisis kanthi cara deskriptif kangge manggihaken wujudipun piwulang moral, jinisipun piwulang moral, lan cara ngandharaken piwulang moral. Cara ngesahaken data wonten ing panaliten menika kanthi ngginakaken validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika keakuratan, intrarater, lan interater. Wujudipun piwulang moral ingkang kapanggihaken cacahipun wonten 33, inggih menika bekti dhumateng Gusti, narima kersaning Gusti, pakurmatan marang tiyang sanesipun, tulung-tinulung, ndherek nandang raosipun tiyang sanes, sampun ngantos nyakiti tiyang sanes, remen paring pambiyantu kaliyan tiyang sanesipun, ampun remen melik darbeke tiyang sanes, ampun remen mbeda-mbedaken mring liyan, ampun remen nlikung liyan, rukun karya, remen peparing, disiplin, kedah lila lan legawa, aja adigang adigung adiguna, sengkut makarya, sabar, ampun sembrana, satriya, empan papan, remen reresik, ampun remen tumindak culika, sapa nandur bakal ngundhuh, dados tiyang ampun kesed, ampun remen duka, prasaja, bekti marang tiyang sepuh, ampun remen paring patuladhan ingkang awon, ngajeni panguwasa, kepemimpinan, ampun remen umuk, kedah njagi alam lan mundhut asiling alam saprelune mawon. Jinisipun piwulang moral ingkang kapanggihaken wonten ing panaliten ngengingi piwulang moral ingkang wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo cacahipun wonten 4, inggih menika piwulang moral gegayutanipun manungsa kaliyan Gusti, gegayutanipun manungsa kaliyan manungsa, gegayutanipun manungsa kaliyan dhirinipun piyambak, gegayutanipun manungsa kaliyan alam. Cara ngandharaken piwulang moral kaperang dados 2, kanthi cara walaka lan sinamun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: PIWULANG MORAL, CAKEPAN GENDHING DOLANAN, BUKU GENDHING-GENDHING DOLANAN, ANGGITANIPUN SRI WIDODO
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 26 Apr 2016 07:10
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/31886

Actions (login required)

View Item View Item