PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASМARA SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA

Kamilah, Ismi (2013) PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASМARA SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ismi Kamilah 09205244008.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten ingkang ancasipun kangge ndheskripsekaken Wujudipun psikologis nalika konflik, ebabipun saha pungkasaning konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara kanthi migunakaken teori psikoanalisis Sigmund Freud. Panaliten menika migunakaken pendekatan psikologi sastra kanthi migunakaken teori psikoanalisis Sigmud Freud. Sumber dhata wonten ing panaliten menika inggih menika novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara, kanthi wosing perkawis Wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang dipunlampahi dening sedaya paraga. Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken inggih menika maos lan nyathet, lajeng dipunanalisis lan dipunandharaken kanthi deskriptif. Keabsahan data pikantuk saking validitas semantis lan reliabilitas intrarater kanthi cara maos lan neliti subjek panaliten kanthi wongsal-wangsul ngantos pikantuk data ingkang konsisten, saha reliabilitas interrater, inggih menika kanthi nglampahi tanya jawab kaliyan dosen pembimbing lan kancanipun ingkang dipunwastani nggadhahi pangertosan babagan psikologi sastra. Asiling panaliten antawisipun: 1) wujudipun psikologis nalika konflik; 2) sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kedadosan wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. Sedaya paraga ingkang karembag wonten ing panaliten menika inggih menika, Yanto, Yatun, Pak Karyo, Erlinah, Pak Suradiman, saha Sutopo. Wujudipun psikologis nalika konflik ingkang kalampahan dening para paraga inggih menika, sedhih, meri (iri), kuciwa, nekad, sadhar, bingung, kaget, grogi, mareming manah, ajrih, berontak, kuwatos, keduwung, pasrah, duka, isin, mangkel, trenyuh, saha males. Temuan wonten ing panaliten menika inggih menika struktur kepribadian Sigmund Freud inggih menika id, ego, lan superego ingkang wonten ing sedaya paraga ing novel Adiling Pangeran. Struktur Kepribadian id, dipunwakili wujud konflik sedhih, ego dipunwaliki wujud konflik kuwatos, lajeng superego dipunwakili wujud konflik sadhar. Saking struktur kepribadian menika, ingkang langkung dominan inggih menika id. Nalika id wonten, lajeng nuwuhaken ego saha superego. Sebabipun saha pungkasaning konflik dipunandharaken mawi cara njlentrehaken sebabipun konflik, lajeng nuwuhaken Wujudipun psikologis nalika konflik, lan kapungkasan kanthi pungkasaning konflik ingkang kedadosan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: novel, paraga, konflik, psikologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 03 Sep 2015 07:12
Last Modified: 30 Jan 2019 03:22
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25829

Actions (login required)

View Item View Item