REGISTER TANEMAN PANTUN KECAMATAN KALIDAWIR KABUPATEN TULUNGAGUNG

Awalin, Fatkur Rohman Nur (2013) REGISTER TANEMAN PANTUN KECAMATAN KALIDAWIR KABUPATEN TULUNGAGUNG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Fatkur Rohman Nur Awalin 0920524086.pdf

Download (17MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten“Register Taneman Pantun Kecamatan Kalidawir Kabupaten Tulungagung” inggih menika ngandharaken tembung-tembung mligi taneman pantun, ngandharaken wujuding tembung-tembung mligi taneman pantun saha tegesipun tembung-tembung mligi taneman pantun wonten Kecamatan Kalidawir Kabupaten Tulungagung. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data panalitenipun data lesan arupi tuturan saking among tani. Sumber datanipun masarakat among tani Kecamatan Kalidawir. Panaliten menika dipuntaliti kanthi analisis deskriptif. Caranipun ngempalaken data kanthi cara wawancara, observasi saha dokumentasi. Data dipunanalisis ngginakaken teknik deskriptif. Caranipun manggihaken validitas data ngginakaken validitas data saha reliabilitas data. Validitas data ngginakaken teknik ketekunan pengamatan saha triangulasi sumber. Reliabilitas data ngginakaken teknik pertimbangan ahli(expertjudgement). Asiling panalitenipun inggih menika: (1) Tembung mligi perangan ndamel winih wujudipun: (a). Tembung lingga, tembung mliginipun winih, serang, bagendhit saha mrajak. (b) Tembung andhahan, tembung andhahan dipunperang: (1) Ater-ater tripurusa, tembung mliginipun dikum, dipep saha disawur, (2) Ater-ater hanuswara, tembung mliginipun nyapar. (c) Tembung camboran, tembung camboran dipunperang: (1) Camboran tugel, tembung mliginipun nampat. (2) Camboran wutuh, tembung mliginipun papan pinihan. (2) Tembung mligi perangan nanem winih wujudipun: (a) Tembung lingga, tembung mliginipun ladhon, tandur, tutus, ombol, iwir, pantun, dengkluk, mapak, lanyah, ciklu, byak, gogrok, gadhu, gabhuk, kepek, isi, jebul, saha meteng. (b) Tembung andhahan, tembung andhahan dipunperang: (1) Panambang –an, tembung mliginipun dudutan, lalahan saha galengan. (2) Seselan –um-, tembung mliginipun temungkul. (3) Ater-ater tripurusa, tembung mliginipun digaleng, digaru, dijidar, disemprot, didhaut, ditandur saha diluku. (4) Ater-ater di- panambang –i, tembung mliginipun dipinggiri, diendhangi saha dibanjari. (5) Aterater hanuswara, tembung mliginipun nglilir saha nguning. (6) Ater-ater ng- panambang –i, tembung mliginipun ngromboli. (c) Tembung rangkep, tembung rangkep dipunperang: (1) Dwilingga wantah, tembung mliginipun den-den, ngacir-ngaciri saha reming-reming. (2) Dwi lingga ater-ater di- panambang –i, tembung mliginipun diarak-araki. (d) Tembung camboran, tembung camboran dipunperang: (1) Camboran wutuh, tembung mliginipun jebul brol, gadhu konyol saha byak manteb. (2) Camboran tugel, tembung mliginipun bangcuk. (3) Tembung mligi perangan ngrabuk kaliyan matun wujudipun: (a) Tembung lingga, tembung mliginipun lanas, ambruk saha neras. (b) Tembung andhahan, tembung andhahan dipunperang (1) ater-ater hanuswara, tembung mliginipun mindho, (2) ater-ater tripurusa di-, tembung mliginipun dirabuk saha diwatun. (4) Tembung mligi perangan panen wujudipun: (a) Tembung lingga, tembung mliginipun pethet, damen, bawon kaliyan derep. (b) Tembung andhahan, tembung andhahan dipunperang: (1) Panambang –e, tembung mliginipun dhawule kaliyan kaplake. (2) Ater-ater tripurusa, tembung mliginipun ditaker, dirit diherek saha disilir. (3) Ater-ater di- panambang –i, tembung mliginipun dibawoni kaliyan diayaki. (4) Ater-ater di- panambang ne-, tembung mliginipun diderepne. (c) Tembung camboran inggih menika camboran wutuh tembung mliginipun wolu siji kaliyan sanga siji. (5) Tembung mligi perangan ndadosaken wos wujudipun (a) Tembung lingga, tembung mliginipun klethuk, merang, katul, menir, mendhang, las, beras saha ngimpes. (b) Tembung andhahan, tembung andhahan dipunperang, (1) Ater-ater tripurusa di-, tembung mliginipun dipepe kaliyan diinteri. (2) Ater-ater di- panambang –ne, tembung mliginipun diselipne.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: register, taneman pantun, kalidawir
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 03 Sep 2015 07:07
Last Modified: 02 Oct 2020 08:42
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25827

Actions (login required)

View Item View Item