PANGANGGENIPUN SIMILE WONTEN ING NOVEL RANGSANG TUBAN ANGGITANIPUN PADMASUSASTRA

Pangestu, Erdian Sigit (2013) PANGANGGENIPUN SIMILE WONTEN ING NOVEL RANGSANG TUBAN ANGGITANIPUN PADMASUSASTRA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Erdian Sigit Pangestu 09205241060.pdf

Download (90MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken jinis saha fungsi simile ingkang dipunginakaken wonten ing novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra. Panaliten menika ngandharaken jinis saha fungsi simile salebeting novel kasebat ingkang dipunginakaken panganggit anggenipun nyerat. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud jinis saha fungsi simile. Sumber datanipun inggih menika novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis stilistika. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik maos saha teknik nyathet. Data dipunanalisis ngangge teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken jinising simile saha fungsi simile ingkang dipunginakaken wonten ing novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken validitas semantik, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intra-rater. Asiling panaliten menika ngandharaken jinis saha fungsi simile wonten ing novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra. Jinising simile ingkang dipunpanggihaken inggih menika (1) simile bab wujud ingkang gadhah fungsi kangge ndamel endahing ukara, nggamblangaken gegambaran, saha nuwuhaken kesan saha kawontenan tartamtu, (2) simile bab raos ingkang gadhah fungsi kangge ndamel endahing ukara, konkritisasi, nggamblangaken gegambaran, nuwuhaken kesan saha kawontenan tartamtu, saha nggambaraken manah paraga, (3) simile bab warni ingkang gadhah fungsi kangge konkritisasi, nggamblangaken gegambaran, saha nuwuhaken kesan saha kawontenan tartamtu, (4) simile bab swanten ingkang gadhah fungsi kangge ndamel endahing ukara, nggamblangaken gegambaran, saha nuwuhaken kesan saha kawontenan tartamtu, (5) simile bab sipat ingkang gadhah fungsi kangge ndamel endahing ukara, konkritisasi, nggamblagaken gegambaran, saha nuwuhaken kesan saha kawontenan tartamtu, sarta (6) simile bab solah ingkang gadhah fungsi kangge ndamel endahing ukara, saha nggamblangaken gegambaran.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: simile, novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra, ujian mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 03 Sep 2015 06:54
Last Modified: 30 Jan 2019 03:22
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25824

Actions (login required)

View Item View Item