IMPLIKATUR WONTEN ING WACANA DHAT NYENG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013

Furqon, Ahmad (2013) IMPLIKATUR WONTEN ING WACANA DHAT NYENG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2013. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ahmad Furqon 09205244076.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken ginanipun implikatur saha implikatur perlokusi utawi tumindaking implikatur ingkang kaserat wonten ing wacana Dhat Nyeng kalawarti Djaka Lodhang warsa 2013. Panaliten menika ngandharaken ginanipun implikatur lan panganggening implikatur wonten ing salebeting kalawarti kasebat ingkang dipunginakaken redaktur anggenipun nyerat. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud ginanipun implikatur saha tumindaking implikatur. Sumber datanipun inggih menika kalawarti Djaka Lodang warsa 2013. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis pragmatik. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik maos saha teknik nyathet. Data dipunanalisis ngginakaken teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken ginanipun implikatur saha panganggening implikatur ingkang dipunginakaken wonten ing wacana Dhat Nyeng kalawarti Djaka Lodhang warsa 2013. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken validitas reverensial, lajeng kangge manggihaken reliabilitas dhata ngginakaken reliabilitas dhata saha realibilitas intrarer. Asiling panaliten menika ngandharaken ginanipun implikatur saha tumindaking implikatur wonten ing wacana Dhat Nyeng kalawarti Djaka Lodhang warsa 2013. Ginanipun implikatur ingkang dipunpanggihaken inggih menika (1) ginanipun implikatur bab sindiran, saha tumindaking implikaturipun inggih menika kangge ngritik tiyang utawi lembaga kanthi boten langsung, (2) ginanipun implikatur bab kritikan, tumindaking implikatur inggih menika kangge ngritik tiyang utawi lembaga kanthi langsung, (3) ginanipun implikatur bab saran, tumindaking implikaturipun inggih menika kangge paring sumbangsih penggalih supados saged paring kasejahteraan sesarengan, (4) ginanipun implikatur bab pangajab, tumindaking implikaturipun inggih menika pangajab supados langkung sae malih.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: implikatur, wacana Dhat Nyeng kalawarti Djaka Lodang warsa 2013, ujian mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 03 Sep 2015 01:36
Last Modified: 19 Oct 2020 06:48
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25803

Actions (login required)

View Item View Item