FAKTOR INGKANG NDAYANI PANGANGGENING UPACARA PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING KECAMATAN GONDOKUSUMAN

Rahmah, Yeniar (2013) FAKTOR INGKANG NDAYANI PANGANGGENING UPACARA PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING KECAMATAN GONDOKUSUMAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Yeniar Rahmah 09205241012.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken lampahing upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta wonten ing Kecamatan Gondokusuman. Lampahing saha ubarampe upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta menika minangka salah satunggaling wujud upacara adat ingkang taksih dipuntindakaken dening masarakat. Panaliten menika minangka panaliten kualitatif kangge prosedur panaliten ingkang gdhah kasil dhata deskriptif. Cara ngempalaken dhata ngginakaken observasi partisipasi, wawancara kanthi muyeg tumrap juru rias, pranatacara, saha tiyang ingkang sampun palakrama, dokumentasi, saha refleksi. Pirantosing panaliten inggih menika panaliti piyambak saha pirantos panyengkuyung arupi cathetan lapangan, lembar observasi, pandom wawancara, kamera saha voice recorde. Cara nganalisis dhata salebetipun panaliten inggih menika kanthi analisi reduksi dhata, display dhata, verifikasi saha infernsi. Cara ngesahaken dhata ngginakaken triangulasi metode saha triangulasi sumber. Asiling panaliten ngandharaken bilih wonten ing jaman sakmenika upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta sampun boten pakem. Dene asiling panaliten bab upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta: (A) lampahing upacara panggih wonten ing Kecamatan Gondokusuman inggih menika (1) lampahing upacara panggih Gagrag Yogyakarta ingkang sampun boten dipunginakaken (a) kembar mayang, (b) tebusan, (c) mapag besan, (d) bubak kawah; (2) lampahing upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta ingkang sampun boten pakem (a) balang gantal (b) tampa kaya, (c) dhahar walimah, (d) sungkem; (B) lampahing upacara Gagrag Ngayogyakarta ingkang kacampur Gagrag Solo (1) sindur binayang, (2) wiji dadi; (C) ubarampe upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta ingkang sampun boten pakem inggih menika (1) ubarampe upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta ingkang boten pakem inggih menika (a) balang gantal, (b) wiji dadi, (c) tampa kaya, (d) dhahaar walimah; (2) ubarampe ingkang sampun boten dipunginakaken (a) pisang sanggan; (D) faktor ingkang ndayani panganggening upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta (1) agama; (2) status sosial inggih menika (a) sugih, (b) ekonomi ingkang sacekap; (3) pinanganen, (4) tamu. Adhedasar pirembagan wonten ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih lampahing upacara panggih Gagrag Ngayogyakarta sampun boten pakem saha boten jangkep. Ubarampe ingkang sampun arang dipunpadosi ugi sampun dipunkirangi saha dipungantos kaliyan ubarampe sanes dening masarakat.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: faktor, upacara panggih gagrag ngayogyakarta, kecamatan gondokusuman
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 03 Sep 2015 01:24
Last Modified: 30 Jan 2019 03:21
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25799

Actions (login required)

View Item View Item