ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE BASA JAWI-SUNDA WONTEN ING OBJEK WISATA BENDUNGAN MANGANTI KECAMATAN KEDUNGREJA, CILACAP

Siswoyo, Sutrisno (2013) ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE BASA JAWI-SUNDA WONTEN ING OBJEK WISATA BENDUNGAN MANGANTI KECAMATAN KEDUNGREJA, CILACAP. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Sutrisno Siswoyo 09205244064.pdf

Download (61MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika njlentrehaken jinis saha wujud alih kode saha campur kode tuturaning masyarakat ingkang saweg wonten ing bendungan Manganti. Panaliten menika ugi ngandharaken bab ingkang ndayani alih kode saha campur kode tuturaning masyarakat ingkang wonten ing bendungan Manganti. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Subjek wonten ing panaliten menika tuturaning masyarakat ingkang wonten ing bendungan Manganti ingkang dipunwiwiti wulan Agustus 2013 dumugi wulan September 2013. Objek panaliten menika inggih menika jinis alih kode saha campur kode sarta bab ingkang ndayani. Data dipunkempalaken kanthi cara simak bebas libat cakap inggih menika cara sadap, cara rekam, saha nyerat. Cara ngudhari data ngginakaken cara deskriptif. Caranipun manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha pamanggihipun para ahli, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten alih kode saha campur kode tuturan masyarakat wonten ing bendungan Manganti inggih menika (1) jinis alih kode ingkang dipunpanggihaken inggih menika jinis alih kode intern basa Jawi dateng basa Sunda utawi kosokwangsulipun. (2) bab ingkang ndayani alih kode inggih menika njumbuhaken basa ingkang dipunginakaken mitra tutur, panutur angka tiga, saha kangge nuwuhaken kahanan ngeca-eca. (3) jinis campur kode tuturaning masyarakat bendungan Manganti kalebet jinis campur kode mlebet. Campur kode mlebet ingkang dipunpanggihaken inggih menika panutur ngginakaken tetembungan basa Jawi wonten ing tuturan basa Sunda utawi kosokwangsulipun. Wujud campur kode wonten ing panaliten menika arupi tembung, frasa, baster, dwilinga, saha klausa. (4) bab ingkang ndayani campur kode inggih menika kangge ngandharaken saha kangge nyethakaken.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: alih kode, campur kode, basa Jawi, basa Sunda, Bendungan Menganti, ujian skripsi mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 02 Sep 2015 08:13
Last Modified: 30 Jan 2019 03:20
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25784

Actions (login required)

View Item View Item