Widyaningrum, Mei Indah (2014) PANGANGGENIPUN DIKSI INDRIA ING ANTOLOGI CERKAK SENTHIR ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Mei Indah Widyaningrum 09205244079.pdf Download (1MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken panganggenipun diksi indria ingkang wonten ing antologi cerkak Senthir anggitanipun Suwardi Endraswara. Panganggenipun diksi indria menika dipunandharaken bab wujud satuan lingual, jinis saha fungsinipun diksi indria ing antologi cerkak kasebat. Metode panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode panaliten deskriptif. Dhata ing panaliten menika awujud tembung saha frasa ingkang dipuntingali miturut jinis lan fungsi panganggenipun diksi indria. Sumber dhatanipun inggih menika antologi cerkak Senthir anggitanipun Suwardi Endraswara. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken dhata inggih menika kanthi cara maos lan nyerat. Dhata dipunanalisis kanthi ngginakaken cara deskriptif. Validitas dhata kapanggihaken kanthi validitas semantik lan triangulasi teori saha reliabilitas dhata ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika, wujud satuan lingual ingkang kapanggihaken inggih menika awujud tembung lan frasa, jinis diksi indria ingkang kapanggihaken inggih menika diksi indria paningal, diksi indria pamireng, diksi indria pangganda, diksi indria pangecap, saha diksi indria pangusap, jinis diksi indria ingkang asring dipunginakaken ing antologi cerkak Senthir inggih menika diksi indria paningal. Fungsi diksi indria ingkang kapanggihaken inggih menika kangge suka daya pangaribawa kaendahan, mujudaken kesan saha kawontenan mirunggan, mujudaken makna enggal, nggambaraken kawontenan (kadadosan saha kahanan), nggambaraken raos emosi, nggesangaken gambaran ukara, saha mujudaken kesan kasar, fungsi diksi indria ingkang asring dipunginakaken ing antologi cerkak Senthir inggih menika kangge nggambaraken kawontenan (kadadosan saha kahanan).
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | diksi indria, antologi cerkak senthir |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 02 Sep 2015 04:57 |
Last Modified: | 30 Jan 2019 03:20 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25775 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |