TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa)

Wijayanti, Yunita Anggun Try (2013) TEMBUNG KRIYA BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Yunita Anggun Try Wijayanti 09205241009.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken pangrembakaning tembung kriya basa Jawi Kina wonten ing basa Jawi Enggal. Pirembagan menika adhedhasar kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa, mliginipun bab wujud saha tegesing tembung kriya. Jinis panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten deskriptif. Dhata ing panaliten menika awujud tembung kriya basa Jawi Kina kaliyan tembung kriya Basa Jawi Enggal. Sumber dhata ing panaliten inggih menika kamus Jawa Kuna-Indonesia anggitanipun L. Mardiwarsito saha Baoesastra Djawa anggitanipun W. J. S. Poerwadarminta. Caranipun ngempalaken dhata ngginakaken metode maos saha teknik nyerat. Dhata dipunanalisis ngangge teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken ewah-ewahaning tembung-tembung ingkang sampun dipunkempalaken. Kangge manggihaken validitas ngginakaken triangulasi teori, lajeng kangge manggihaken reliabilitas ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ewah-ewahaning tembung kriya basa Jawi Kina wonten ing basa Jawi Enggal bab wujud saha teges. Ewah-ewahaning menika kaperang dados tiga inggih menika tembung kriya basa Jawi Kina ingkang wujud saha tegesipun sami ing basa Jawi Enggal, tembung kriya basa Jawi Kina ingkang wujudipun sami ananging tegesipun beda kaliyan basa Jawi Enggal saha tembung kriya basa Jawi Kina ingkang wujudipun beda ananging tegesipun sami kaliyan basa Jawi Enggal. Ewahing teges tembung gayut kaliyan jinising tembung. Ewahing wujud tembung inggih menika awujud merger, parsial merger utawi split parsial wonten ing ewah-ewahaning vokal dados vokal sanesipun, konsonan dados konsonan sanesipun saha wuwuhan dados wuwuhan sanesipun. Ewahing wujud tembung ing basa Jawi Kina wonten ing basa Jawi Enggal ingkang awujud merger inggih menika: (1) aksara ā, â, ǎ, o saha ö merger dados a, (2) aksara ū saha ǔ merger dados oe utawi u, (3) aksara m, ņ saha ñ merger dados aksara n, (4) aksara ṣ saha ś merger dados s, (5) ater-ater {a-}, {ang-} saha {(m)ang-} merger dados {ng-}, saha (6) ater-ater {am-} saha {um-} merger dados {m-}. Ewahing wujud tembung ing basa Jawi Kina wonten ing basa Jawi Enggal ingkang awujud parsial merger utawi split parsial inggih menika: (1) aksara a split dados e saha i ananging aksara i kejawi saking aksara a wonten ugi saking aksara ī ing basa Jawi Kina,(2) aksara ḍ saha dh merger dados d ananging aksara dh kejawi split dados aksara d wonten ugi split dados aksara ḍ ing basa Jawi Enggal, saha (3) ater-ater {ang-} split dados {mang-} saha {meng-} ananging ater-ater {meng-} kejawi saking ater-ater {ang-} wonten ugi saking ater-ater {(m)ang-}ing basa Jawi Kina.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tembung kriya, basa jawi kina, basa jawi enggal, baoesastra djawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 04:36
Last Modified: 30 Jan 2019 02:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25202

Actions (login required)

View Item View Item